Waosan: Jabur 138: 1 –8 ǀ Pamuji: KPJ. 65
Nats: “Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula! Dhuh Yehuwah, sih kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun. Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.” (Ayat 8)
Saking KPJ. 65 ingkang jejeripun “Aku Tan Ngreti Mengkone”, menawi kita gatosaken, kekidungan punika paring andharan kados pundi sikep ingkang kedah kita wujudaken ing gesang kita. Inggih punika sikep tansah pitados bilih Gusti Allah boten nate nilar kita. Sinaosa wonten kalanipun kita ngraosaken tebih saking Gusti Allah awit saking kathahipun karibedan lan momotaning gesang ingkang kita sanggi.
Mekaten ugi lelampahan gesangipun Prabu Dawud. Piyambakipun ngraosaken pitulunganipun Gusti nalika ngadhepi karibedan. Salah satunggaling pengalamanipun saged kita waos ing 2 Samuel 5:17-25. Prabu Dawud nggadah raos ajrih nalika badhe ngadhepi bangsa Filisti. Lajeng Piyambakipun munjuk dhumateng Gusti Allah, “Kawula punapa Paduka karsakaken mangsah perang nglawan tiyang-tiyang Filisti punika? Punapa tiyang-tiyang punika badhe Paduka ulungaken dhateng ing tangan kawula? Pangandikanipun Gusti Allah, “Majua perang, amarga Ingsun bakal ngulungake wong iku marang ing tanganira.” (2 Sam. 5:19). Lumantar pengalaman punika dadosaken Prabu Dawud boten mangu-mangu malih kangge nglajengaken gesang. Piyambakipun pitados bilih Gusti kersa paring pitulungan lan badhe ngrampungaken sedaya samukawisipun. Pramila, Prabu Dawud ngunjukaken panuwun sokur dhumateng Gusti, “Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah,..” (Ay. 1).
Menawi kita niti priksa kawontenan dhiri kita piyambak, mujudaken raos sokur dhumateng Gusti punika asring kaanggep ewet. Kita asring taksih nggresula nalika ngadhepi panandhang. Rumaos dipun tilar dening Gusti, nalika punapa ingkang dados pepinginan kita boten kawujud. Pramila, kita kedah enget pengalamanipun Prabu Dawud ing Jabur 138 punika. Gusti Allah saestu boten nate nilar kita. Gusti Allah karsa paring pitulungan dhateng kita. Cobi kita ngenget-enget lan ngetang sepinten pitulunganipun Gusti ingkang sampun kita raosaken ing gesang kita punika. Nalika kita nandhang sakit, Gusti nyarasaken. Nalika kita nyanggi momotaning gesang, Gusti ngiyataken. Nalika kita ngraosaken manah ingkang semplah, Gusti mulihaken. Prayogi menawi kita tansah ngaturaken panuwun sokur dhumateng Gusti sinaosa kathah karibedan ingkang kita adhepi, katitik Gusti tansah nganthi. Amin. [RA].
“Lakuku kinanthi Gusti, mula tentrem uripku.”