Waosan: Lukas 3 : 1 – 6 ǀ Pamuji: KPJ. 61 : 1 – 3
Nats: “Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange Bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan pasrahna awakmu supaya dibabtis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh. Apadene sakabehe daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.” (Ayat 3, 6)
Ing tahun 2013, rikala kula lan rombongan peziarah napak tilas tindakipun Nabi Yokanan saking ara-ara samun ngantos anjog ing Bengawan Yarden papanipun Nabi Yokanan mbabtis ing Tanah Israel, pranyata ara-ara samun punika mboten awujud tanah ingkang lempar bawera, ananging ugi nglangkungi gunung-gunung karang pating crongot ingkang nggeteraken miwah jurang-jurang ingkang lebet ingkang cengkar, tanpa toya, tanpa wit-witan. Mbok menawi inggih kawontenan ingkang kados mekaten punika ingkang kagambaraken dening sang nabi bab manahipun manungsa ingkang kedah kapapras, kaurug, miwah kawradinaken.
Bab punika saestu mboten gampil, ngengeti bilih saestunipun kesadaran phisikipun manungsa ingkang awujud punapa ingkang saged dipun tingali, pirengaken, ganda, analisa, miwah dipun nalar dening pikiranipun punika namung 5% kemawon andilipun ing saklebeting namtokaken pitembungan, sikap, lan tindakipun tiyang. Ingkang 95% katamtokaken dening “otak bawah sadar” ingkang awujud keyakinan, nilai, ingkang kaenget-enget (memori) utawi pengalaman ingkang panjang sanget malahan wiwit ing guagarba, pakulinan, emosi, watak, miwah intuisinipun. Mila mboten aneh menawi asring tiyang mangertos bilih satunggaling tumindak punika mboten sae, ananging malah bab punika ingkang katindakaken makaping-kaping. Pengalaman miwah engetan (memori) ingkang pahit, kumeren, raos sengit ngigit-igit, dendam, miwah tatuning manah asring kadosdene jurang-jurang ingkang aking lan cengkar. Kesombongan miwah egosentris kados dene gumuk-gumuk karang ingkang pating crangap. Cilakanipun iba kathahipun tiyang ingkang remen nyimpen, nguri-uri, ngambrak-ambrakaken lan marisaken sadaya punika dhumateng generasi-generasi turunipun. Asring sadaya punika dados pepalanging jiwa (mental block) ing saklebeting majeng, tuwuh ngrembaka, lan nggayuh kasuksesan, punapa malih ngalami karahayoning lan katentremaning jiwa raga.
Mila pengetipun Nabi Yokanan: sadaya punika kedah kawradinaken, katata malih (re-setting), inggih punika kanthi mratobat lan pasrah nampi pangapuntening Gusti, matemah manah lan pikiran kita saged dados siti ingkang wradin, subur lan ngandhut toya, saengga karahayon Gusti ingkang kasebar enggal tuwuh ngrembaka sarta ngedalaken woh. Amin. [BRU].
“Namung pangapunten lan kanugrahanipun Gusti ingkang kuwaos mradinaken manah.”