Waosan: Lelakone Para Rasul 4 : 23 – 31 | Pamuji: KPJ. 445 : 1 – 2
Nats: “Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.” (Ayat 31b)
“Pengalaman punika guru ingkang becik”, paribasan punika paring piwulang bilih kita saged sinau saking pengalaman ingkang sampun kelampahan. Pengalaman ingkang sae, dados paugeran, dene ingkang mboten sae, sampun ngantos kelampahan malih. Wonten ing waosan dinten punika, kaandharaken bilih rasul Petrus lan Yokanan martosaken bab Gusti Yesus ingkang seda lan kawungokaken dening Gusti Allah dhateng tiyang kathah. Ing ngriku, Petrus lan Yokanan ngadepi pepalang ingkang ageng sanget, ngantos dipun adili kaliyan pradataning agami (PR. 4:1-22). Sanadyan ngalami pepalang ingkang ageng, dipun ancem kaliyan pradataning agami Yahudi, nanging Petrus lan Yokanan mboten ajrih, kekalihipun tetep setya tuhu dhumateng Gusti Allah.
Pramila nalika kaluwaran, kekalihipun murugi para mitranipun lan nyariosaken pengalaman-pengalamanipun supados para mitranipun sansaya pitados dhumateng panguwaosipun Gusti ingkang nganthi dhateng para rasul-Ipun. Selajengipun para mitra punika sami atur pandonga kangge para rasul. Saestu Gusti Allah mirengaken pandonganipun para mitra, bab punika dipun tandhani kanthi horegipun panggenan anggenipun mangun pandonga. Selajengipun Sang Roh Suci tumedhak dhateng para rasul punika. (Ay. 31) Kadadosan punika nuwuhaken semangat kangge para rasul punika langkung wantun martosaken pangandikanipun Allah.
Punapa ingkang sampun dipun alami lan dipun raosaken para rasul, saged ugi dipun alami dening pasamuwan ing laladan GKJW. Pasamuwan-pasamuwanipun Gusti nggadhahi pengalaman iman piyambak-piyambak. Wonten pengalaman ingkang mbingahaken, nanging ugi wonten pengalaman ingkang nrenyuhaken. Lampah gesangipun pasamuwan punika saged ugi kendho, saged ugi kenceng, sedaya punika wujud dinamika gesangipun pasamuwan. Sumangga kita nuladha pengalamanipun para rasul. Sanadyan ngalami pepalang nanging tetep setya tuhu dhumateng Gusti, ngandelaken pangwaosipun Gusti, lan pitados bilih para mitra sami nyengkuyung ing pandonga. Kita pitados bilih Sang Roh Suci tansah makarya dadosaken kita wantun martosaken dhawuhipun Gusti. Amin. [YK].
“Eling lan waspada sadhar lan sabar, setiti lan ngabekti, sumeleh tur sareh.”