Waosan : Matius 27 : 11 – 54 | Pamuji : KPJ. 369 : 1, 3
Nats: “Gusti Yesus ora paring wangsulan babar pisan, njalari gumune wali-nagara.” (Ay. 14)
“Membela diri”, dados sikap sadhengah tiyang ingkang katudhuh nindaaken perkawis ala ananging rumaos mboten nindakaken perkawis punika. Piyambakipun badhe paring argument, dhatengaken para saksi ingkang ngenthengaken, malah mboten sekedhik ingkang siap ngucap sumpah mbuktikaken menawi piyambakipun mboten lepat.
Ing satengah pirembagan-pirembagan Gusti Yesus asring paring wangsulan sacara langsung utawi lumantar pasemon, supados sedaya sami cetha kaliyan punapa ingkang dipunwucalaken. Ananging ing prastawa salib, Gusti Yesus mboten kathah wicantenan. Kaserat namung kaping kalih Gusti Yesus ngendika. Sepisan (ayat 11), wekdal kadangu dening Pontius Pilatus. Ingkang kaping kalih (ayat 46), wekdal ngudarasa dhateng Gusti Allah ing satengah kasangsaran saha masrahaken nyawanipun.
Menawi dipuntingali, wonten kesempatan Gusti Yesus kangge “membela dhiri”. Punapa malih Pontius Pilatus mboten manggihi kaluputan kados ingkang dipuntudhuhaken tiyang Yahudi dhumateng Gusti Yesus. Ananging Gusti Yesus namung wicantenan saperlunipun, ananging tetep adhedasar kaleresan saha pasrah ing satengah rancangan agung Rama ing swarga.
Punapa kita nate ing situasi katudhuh tumindak ala ingkang mboten kita lampahi? Lajeng punapa ingkang kita tindakaken? Umumipun kita badhe mati-matian “membela dhiri”. Punapa punika lepat? Tamtunipun mboten! Kita wajib “membela dhiri” wekdal perkawis ala katudhukahen dhateng kita. Ananging asring kalandhesan emosi lan pungkasanipun crah kaliyan tiyang sanes. Ing situasi punika sumangga kita nuladhani Gusti Yesus. Mboten kathah ber-argument, wicantenan sekedhik ananging mentes adhedasar kaleresan, saha masrahaken sedaya dhumateng rancangan endah Gusti Allah. Awit Gusti ingkang badhe blakaaken sedayanipun. Tiyang sae badhe ketingal kasaenanipun, tiyang ala badhe ketingal alanipun. (PKS).
“Kadang ngalah punika margi pungkasan kangge menang” – Earnie Larsen