Waosan: Kolose 4 : 2 – 6 | Pamuji: KPJ. 128
Nats: “Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono iku meleka kambi saos sokur.” (Ayat 2)
Punapa panjenengan nate ngantos tilem rikala ndedonga syafaat? Punapa asring ngalami? Katah tiyang ingkang ngakeni bab punika. Prekawis punika dipun alami awit kala semanten badanipun sayah lan pandonganipun dowo. Matemah ngginakaken wekdal ndedonga kangge tilem. Menawi punika kedadosan, punapa tiyang-tiyang punika tegen anggenipun ndedonga? Tamtunipun mboten. Awit piyambakipun kawon nglawan raos ngantuk lan sayah sarta mboten ngginakaken wekdal ndedonga punika kagem mbangun “komunikasi” kaliyan Gusti Allah.
Rasul Paulus ngengetaken kita sedaya supados tegen ndedonga. Kala semanten rasul Paulus saweg wonten ing pakunjaran. Dene pasamuwan Kolose saweg ngadepi piwulang-piwulang ingkang nyimpang lan sesat. Saking kahanan punika, rasul Paulus ngengetaken lan ngajak para tiyang pitados ing Kolose supados tegen ndedonga. Tembung “tegen” ing basa Yunani kasebat “proskartereo” ingkang ategesipun: nglajengaken kanthi tabah, tekun lan semangat, kiyat lan tetep ndedonga. Ing ngriki kita sami kaajak waspada, awit kathah sanget prekawis ingkang ndadosaken kita nyimpang saking ndedonga. Iblis lan karingkihan kita punika saged ndadosaken kita nglirwakaken pandonga.
Minangka tiyang pitados tamtu kita mangertos bab ndedonga. Wiwit alit kita dipun wucal supados kita tansah sregep ndedonga. Ndedonga punika dados prekawis ingkang wigatos awit dados sarana kangge kita “komunikasi” lan mujudaken pasrawungan kita kaliyan Gusti Allah. Menawi ndedonga punika dados prekawis ingkang wigatos, kados pundi kita mujudaken prekawis punika ing pigesangan sadinten-dinten? Kaping pinten kita ndedonga ing saben dintenipun? Punapa kita ndedonga namung rikala saweg ngadepi kawontenan ingkang ewet kemawon? Mangga kita tansah tegen ndedonga. Kita nggadhah raos kangen dhumateng Gusti Allah lan sedaya kahanan gesang kita saged kita aturaken dhumateng Gusti srana ndedonga. Amin. [SWT].
“Kasorna panggodha srana tegen ndedonga.”