Tumemen Pancaran Air Hidup 5 Agustus 2023

Waosan: Jabur 145 : 8 – 9, 14 – 21 | Pamuji: KPJ. 125
Nats:
“Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut asmane, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya.” (Ayat 18)

Ing waosan kita punika Juru Mazmur paring paseksi bilih Gusti Allah punika Maha asih, Maha welas, kalangkung sabar, lan ageng sih piwelasipun. Gusti Allah punika loma, kebak sih-rahmat lan setya dhumateng sadaya titahipun. Gusti Allah karsa mitulungi tiyang ingkang rekaos, ingkang dawah dipun tangekaken. Karana punika, sadaya titah badhe memuji, mulyakaken asmanipun Gusti. Punapa ingkang kadawuhaken Juru Mazmur punika leres? Menawi leres, kenging punapa taksih kathah tiyang ingkang gesangipun rekaos, keluwen, kekirangan, lan kacingkrangan? Juru Mazmur saged paring paseksi kados mekaten awit piyambakipun sampun nate ngraosaken kadospundi gesang ingkang tebih kaliyan Gusti lan kadospundi gesang ingkang celak kaliyan Gusti. Sadaya berkah punika katampi lan karaosaken manawi kita celak kaliyan Gusti. Kosokwangsulipun sadaya punika boten kita raosaken manawi kita tebih saking Gusti. Kita saged celak kaliyan Gusti sauger gesang kita tumemen dhumateng Gusti.

Wonten salah setunggaling tiyang ingkang nyuwun pirsa dhumateng kula: ”Pak, kenging punapa gesang kawula boten nate bagya? Kamangka kula sampun setya dhumateng Gusti. Kula sregep dhateng greja, sregep pisungsung, lan boten nate nglampahi piawon.” Kula lajeng nyuwun pirsa: ”Kenging punapa bapak tindak greja, pisungsung, lan nglampahi sadaya ingkang sae punika?” Bapak punika paring wangsulan: ”Awit kula punika tiyang Kristen, milai alit sampun dipun ajari ingkang sae, sampun samesthinipun menawi kula nglampahi ingkang sae. Menawi kula nglampahi ingkang sae mesthi binerkahan lan mlebet swarga.” Miturut panjenengan, gesang ingkang mekaten punika, punapa sampun tumemen dhumateng Gusti?

Tumemen punika saestu, temenanan, ora goroh, ora ngapusi, ora ethok-ethok, tulus, murni tanpa pamrih, ngutamikaken Gusti. Kita nglampahi kasaenan punika boten supados dosa kalepatan kita kaapunten lan mlebet swarga. Kita nglampahi kasaenan punika awit Gusti Yesus sampun nebus kita, wekdal kita taksih dosa (Rom. 5:8). Dados menawi kita ndedonga, mangun pangabekti, nglampahi ingkang sae, dedana, paring pambiyantu lan nglampahi sadaya samukawis ingkang sae, punika kedah kita lampahi kanthi tumemen tanpa pamrih. Manawi kita sampun saged ngecakaken sadaya kalawau, mesthi Gusti badhe celak dhumateng kita. Lan sadaya ingkang kaseksekaken Juru Mazmur punika ugi badhe kita trami. Sumangga kita gesang kanthi tumemen dhumateng Gusti. Amin. [SW].

”Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik,
nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe”.  (Matius 6:33)

 

Bagikan Entri Ini: