Pujekna Kamulyane Allah Renungan Harian 4 Februari 2018

4 February 2018

Waosan: Jabur (Mzm) 147:1-11 |   Pamuji: KPK 168
Nats:
“Padha ngrepekna kidung pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha ngidunga masmur konjuk marang Gusti Allah kita kanthi swaraning clempung! Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhung kang nyawisi udan marang bumi, kang damel gunung-gunung padha nukulake suket.” (ay 7-8)

Kathah tiyang ingkang pikantuk berkah lan pangayoman nyariyosaken bilih berkah lan pangayoman menika awit saking kasaenaning tumindakipun lan antebing kapitadosanipun. Tiyang ingkang makaten menika sejatosipun namung pados pangalembana/ pamuji kangge dhiri pribadinipun, boten ngudi kamulyanipun Gusti Allah.

Waosan masmur kita dinten menika ngengetaken bilih menawi sintena kemawon pikantuk pangayoman lan rejeki, menika namung karana Gusti Allah pribadi ingkang nindakaken. Inggih namung karana sih kamirahan lan pangrimatipun Gusti Allah saben titah pikantuk rejeki lan pangayomaning gesang. Kasebataken ing ayat 8 lan 9 “Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhung kang nyawisi udan marang bumi, kang damel gunung-gunung padha nukulake suket. Panjenengane kang paring pakan marang sato-kewan, marang anak-anaking gagak kang padha celuk-celuk.” Ayat menika mratelakaken bilih rejeki lan pangayoman menika namung dados sih pakaryan, pangwaos lan pangrimatipun Gusti Allah -ingkang tamtu ugi tumanduk kangge manungsa. Kadosa pundi sengkuting manungsa makarya lan mbudidaya, menawi boten wonten sih kamirahan lan pangwaosipun Allah, manungsa lan sedaya titah boten badhe pikantuk rejeki lan pangayoman. Kadosa pundi mantebing kapitadosan lan manthenging pandonganipun manungsa, menawi boten wonten sih pangwasa lan keparenging Allah, mukjijat boten badhe dipun alami dening manungsa. Pramila saking menika, inggih namung Gusti Allah pribadi ingkang pantes pinuji-puji, kamulyan namung kagema Gusti Allah.

Pancen kita kedah makarya lan mbudidaya kanthi antebing kapitadosan lan pandonga supados kita pikantuk rejeki lan pangayoman. Nanging sedaya menika kedah namung kagem kamulyanipun Gusti Allah, awit tuking rejeki lan pangayoman inggih namung saking Gusti. Pinuji-pujia asmanipun Allah! [st]

“Pujekna kamulyane Gusti kanthi tumemen, sira bakal antuk pamuji!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak