Waosan: Musthikaning Kidung 3: 1-11 I Pamuji: KPJ. 114
Nats: “…aku ketemu karo gantilaning atiku; banjur dakcandhak lan ora dakculake,…” (ayat 4bc )
Ibu Waldjinah nate nembangaken tembang “Wuyung” makaten:
“Larane lara, ora kaya wong kang nandhang wuyung, mangan ra doyan, ra jenak dolan, neng omah bingung…Mung kudu weruh, woting ati duh kesuma ayu, apa ra trenyuh, sawangen iki awakku sing kuru…”
Tembang menika nggambaraken tiyang ingkang saweg lara branta. Sedaya prekawis kados boten wonten ingkang ngremenaken. Boten pengen dhahar, boten jenak anggenipun tindak-tindak, nanging menawi ing ing griya rumaos liwung. Ingkang dipungadhang-gadhang saben wekdal namung kepengen kepanggih kaliyan gegantilaning ati. Tandha-tandha kados makaten ing satengahing masyarakat jawi dipunwastani wuyung.
Kitab Musthikaning Kidung ugi gegayutan kaliyan raos wuyung. Ing kitab menika kagambaraken putra putri ingkang saweg nandhang lara branta katresnan. Kekalihipun badhe cumawis ing neningkahan lan boten let anggenipun sahut-sahutan ngluntakaken raosing batosipun. Minangka kitab puitis, ingkang kebak ing simbol-simbol sae ing ukara-ukara lan ing tata cariyosipun, Musthikaning Kidung nggambaraken katresnan ingkang maknanipun taksih kedah dipuntafsiraken. Kathah tafsir gegayutan kaliyan Musthikaning Kidung. Salah satunggaling tafsir mastani bilih kitab menika nggambaraken katresnanipun Gusti Allah dhumateng umatipun. Putra-putri ingkang saweg wuyung lan tumindak-tumindak ingkang lelandhesan lara branta tresna ing kitab menika minangka lambang nyatunggaling Sang Kristus kaliyan Pasamuwanipun.
Neningkahan dados ibarat nyatunggaling Gusti lan umatipun (Hosea 2: 18-19). Ing pangertosan Kristen asring kagambaraken bilih Gusti Yesus Kristus menika kadya temanten kakung lan pasamuwan menika temanten putrinipun (Mat 9: 15; Yoh. 3: 29; 2 Kor 11: 2; Ef. 5: 23-32; Wahyu 21: 9). Kitab Musthikaning Kidung ugi dipunmangertosi ing gegambaran menika.
Mendah ngedab-edabi anggenipun Gusti nresnani manungsa, kagambaraken kados tiyang ingkang nandhang wuyung. Kadospundi kita? Mendah saene menawi raosing manungsa dhateng Gusti lan pangandikanipun kadosdene tiyang ingkang saweg nandhang wuyung. Tansah kepengen ketemu, tansah kepengen madosi lan tansah ngangen-angen saben wekdal. (dn)
“ Tresna iku dikanthenana Panggawe lan ing Sajroning Kayekten.” (1 Yok.3:18)