Manungsa Kawates, Gusti Allah Tanpa Winates Renungan Harian 31 Maret 2020

31 March 2020

Waosan  :  Efesus 2 : 1 – 10       |   Pamuji : KPJ. 178A : 1 – 3
Nats
: “Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih rahmat marga pracaya, lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, …” (Ay. 8)

Kawontenaning manungsa ing alam donya punika sanyatanipun kawates. Cobi kita gatosaken, atlet olahraga ingkang waunipun kiyat, dados kebanggaan karana prestasinipun, ing titi wancinipun badhe pensiun dipun gantos kaliyan atlet sanesipun ingkang taksih enem. Tiyang ingkang sugih bandha donya, saged kemawon dumadakan dados mlarat karana bangkrut perusahaanipun. Tiyang ingkang ketingalipun sehat, saged ugi dumadakan nandang sakit  ingkang boten nate dipun kinten. Conto – conto menika dados gambaran bilih manungsa punika kawates kawontenanipun. Karana punika manungsa boten angsal gumunggung salebeting gesangipun.

Rasul Paulus nyerat layangipun dateng pasamuwan Efesus, saperlu ngengetaken bilih warga pasamuwan Efesus punika kalebet tiyang ingkang dosa. Tiyang ingkang lampah gesangipun manut lan ngetut lakuning donya, ingkang pungkasanipun tinemu ing pati. Nanging sedaya perkawis punika gumanti kaliyan sih rahmat lan kawelasaning Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus ingkang sampun nandhang kasangsaran, sinalib seda kangge nebus para tiyang dosa.  Wonten ing Gusti Yesus, pasamuan kaparingan pangapuntening dosa, kaparingan sih rahmat lan kapitulungan rahayu. Gusti Allah kersa nedahaken panguwaosipun ingkang tanpa winates. Kawilujengan ingkang dipun tampi sanes karana usaha lan pakaryan ngandelaken kakiyatan kamanungsa, ananging karana peparingipun Gusti Allah. Pungkasanipun Gusti Allah ngersaaken umatipun tansah nindakaken kabecikan ing gesang saben dintenipun.

Manungsa punika ringkih, nanging Gusti Allah punika kiyat. Manungsa pancen kawates lan boten saged wilujeng sarana kakiyatanipun piyambak. Nanging Gusti Allah kersa mitulungi saha maringi Sih Rahmat lan kawilujengan dateng manungsa. Wekdal punika mangga kita sami raosaken kawontenan kita ingkang ringkih lan kawates. Sampun ngantos kita gumunggung lan ngegungaken kakiyatan kita. Mangga kita sami masrahaken gesang kita wonten pangrengkuhing Gusti Allah ingkang tanpa winates. Tamtu kita badhe nampi berkah sarta kaparingan kakiyatan kawilujengan ing satengahing gesang punika. (AR).

“Pasrah Sumarah mring Gusti, Pangayoman kang Sejati” (KPJ. 178A)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak