Katresnan Ingkang Gesangake Renungan Harian 1 April 2020

1 April 2020

Waosan : Yeremia 32 : 1 – 9, 36 – 41 | Pamuji  : KPJ. 381
Nats
: “Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.” (Ay. 41)

Bola-bali Asih ngapusi Simboke. Nalika jaman Asih sekolah, asring nyuwun arta kangge tumbas buku, jebule kangge dolan karo kanca-kancane. Saiki Asih wis duwe anak yo sik tetep asring ngapusi. Anake dititipke Simboke ben ono sing ngancani marga Asih repot, ngakune kerja nang toko parfum nyambi kursus masak, ning jebule dolan nganti Sulawesi. Simboke sedhih. Asih, anak sing ditresnani, malah ora duwe pangerten marang wong tuwa, uga ora nresnani marang anak-anake dewe. Asih banjur didukani dening Simboke lan dipênging bali menyang omahe Simboke. Asih kudu ngupadi urip kanthi tanggung jawab kangge anak-anake uga kangge awake dewe. Sanajan Asih rumangsa sedhih uga rumongso kuciwa, nanging kudu dilakoni awit simboke wis netepke atine kanggo ndadar kadewasane Asih. Ananging nalika Asih mbetahake pitulungan, pitedah, utawa nalika susah, simbok tansah ana kangge mitulungi Asih lan anak-anake. Asih ing wiwitan kepeksa urip mandiri, ngopeni anak-anake sarta awake dewe, ning sethithik mbaka sethithik dadi ngerti tanggung jawab sarta sansaya tresna marang simboke lan anak-anake. Sanajan uripe ora iso saksenenge dewe, ning iso luwih temata.

Mekaten katresnanipun Gusti Allah dumateng umatipun ingkang asring mbalela saking pitedahipun Gusti Allah. Umatipun Gusti kedah nandhang kasangsaran, katumpes dening werni-wernining perkawis minangka konsekuensi saking gesang ingkang nilar tanggel jawab lan katresnanipun dhumateng Gusti Allah. Ananging katresnanipun Gusti Allah kados katresnanipun simbokipun Asih malah langkung langgeng. Pramila punika minangka umatipun Gusti, kita kedah manut dhumateng pitedahipun Gusti sarta nindakaken gesang kanthi tanggel jawab, mboten sembrono utawi nyepelekaken minangka tandha pamratobat kita. Mila umat ingkang manut tansah rahayu lan ingkang nandhang awrating gesang awit konsekuensi saking napa ingkang dipunpilih lan dipuntindakaken ugi bakal kasantosakaken. (fani).

“Katresnanipun Allah mboten ‘memanjakan’ ananging ‘mendewasakan’ ”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak