Kagem Kamulyanipun Gusti Pancaran Air Hidup 31 Juli 2025

31 July 2025

Waosan: Rum 11 : 33 – 36  |  Pamuji: KPJ. 248
Nats: “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!” (Ayat 36)

Saben tiyang nglampahi gesang wonten ing donya punika kagungan tujuan. Antawis tiyang setunggal lan sanesipun tamtu benten-benten tujuan gesangipun. Wonten tiyang ingkang tujuan gesangipun pados kabingahan, wonten ingkang tujuan gesangipun dados tiyang sugih, wonten ugi ingkang tujuan gesangipun kepengin gesang mulya lan kajen, lsp. Tujuan gesang punika saged dados penyemangat kangge tiyang punika makarya sarta nglampahi gesang sadinten-dinten. Lajeng punapa tujuan gesang kita minangka pandherekipun Gusti? Punapa supados pikantuk berkah-Ipun? Punapa supados gesang kita ngraosaken ayem tentrem? Tujuan gesang ndherek Gusti Yesus punika sejatosipun mboten namung supados kita nampi berkah-berkah-Ipun Gusti lan ngraosaken ayem tentrem kemawon, nanging langkung saking punika, gesang kita kedah dados sarana berkah kangge sesami sarta sedaya tumindak gesang kita tansah ngluhuraken Gusti.

Rasul Paulus paring pepenget dhumateng pasamuwan Rum bilih kawilujengan gesangipun manungsa punika awit saking sih rahmatipun Gusti Allah (Ay. 30-31). Saben tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus, sae punika tiyang Yahudi punapa tiyang non Yahudi badhe nampi kawilujengan. Karana punika rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Rum ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus supados mboten gumunggung, nanging tansaha saos sokur lan andhap asor. Manungsa punika kebak karingkihan, pramila mboten wonten manungsa ingkang saged mangertosi rancanganipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Karana punika, para tiyang pitados kedah mangertosi bilih sedaya punika pinangkanipun saking Gusti lan sedaya kamulyan namung kagem Gusti (Ay. 36).

Miwit sasi pambangunan GKJW punika, kita dipun ajak ngraosaken bilih GKJW punika kagunganipun Gusti Allah. GKJW dipun timbali nglajengaken pakaryaning Gusti Allah ing satengah-tengahing donya, mujudaken GKJW ingkang dados berkah dhateng sesami. Pramila ing sasi pambangunan punika, sumangga kita sami sangkul sinangkul ing bot repoting pasamuwan. Tujuan kita inggih namung kagem ngluhuraken lan mulyakaken Gusti. Namung Gusti kemawon ingkang kita puji lan sembah. Amin. [AR].

“Gusti ingkang mahakuwasa tansah kawula mulyakaken lan sembah!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak