Aja Meri! Pancaran Air Hidup 1 Agustus 2025

1 August 2025

Waosan: Wulang Bebasan 24 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ. 32
Nats: “Aja meri marang wong ala, …” (Ayat 1a)

Kita tamtu nate mireng curhatan saking warga pasamuwan ingkang sambat, bilih piyambakipun makarya kanthi cara jujur lan leres, nanging piyambakipun tetep kawon kaliyan tiyang ingkang laku cidra lan mboten jujur. Prekawis punika lajeng nuwuhaken raos meri ing sajroning batosipun. Piyambakipun rumaos sisah awit kawon saking tiyang ingkang mboten jujur lan laku cidra punika. Mboten namung ngraosaken sisah kemawon, nanging wusananipun saged kemawon piyambakipun kagodha kangge nempuh margi dosa, ndherek nindakaken laku cidra lan mboten jujur ing wekdal sanes.

Wulang Bebasan paring pepenget dhateng kita, sampun ngantos para umatipun Gusti meri tumrap tiyang ingkang tumindak dosa. Prekawis punika sejatosipun sampun kelampahan antawis sewu taun dangunipun. Lajeng kenging punapa kita mboten pareng meri tumrap tiyang ingkang tumindak dosa? Wulang Bebasan nggambaraken bilih raos meri tumrap tiyang ingkang tumindak dosa punika kawastanan bab ingkang bodho, awit piyambakipun namung nggalih panganiaya sarta ngrembug bab kasangsaranipun. Nggalih kabodhoan punika namung jalari gesang kita dhawah ing dosa, awit Gusti estu duka tumrap tiyang ingkang nindakaken bab punika. Pramila, Wulang Bebasan paring pepenget supados gesangipun umatipun Gusti kedah kawangun srana hikmat, kapinteran, kawasisan. Awit Gusti Allah badhe paring piwales tumrap sintena kemawon ingkang nindakaken laku dosa dhumateng Panjenenganipun, nanging tansah ngreksa tumrap tiyang ingkang mursid.

Lumantar pepenget saking Wulang Bebasan punika, sampun ngantos kita tumut meri tumraping kaunggulanipun tiyang sanes, punapa malih unggul mawi cara tumindak dosa. Awit punika namung jalari kita rugi piyambak. Langkung prayogi tinimbang kita rumaos meri, mangga kita sami fokus kangge niti priksa dhiri, kanthi nglampahi nilai-nilai kabeneran. Mangga kita saged nularaken bab ingkang positif lan dados pepadhanging gesang, ingkang madhangi manahipun tiyang sanes ingkang peteng. Sumangga kita tansah setya nglampahi kabeneran lan kaadilan supados kabingahan sarta katentreman tansah nunggil ing pigesangan kita sedaya. Amin. [mojoo].

“Timbang meri prayogi saos sokur marang Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak