Waosan: 1 Para Raja 3 : 16 – 28 ǀ Pamuji: KPJ. 316 : 1, 2
Nats: “Bareng wong Israel kabeh krungu putusaning pangadilan kang diparingake dening Sang Prabu, kabeh banjur padha wedi marang Sang Prabu, amarga padha sumurup manawa panjenengane kadunungan kawicaksananing Allah kagem nindakake pangadilan.” (Ayat 28)
Salah satunggaling prekawis ingkang dipun adepi tiyang bebrayatan inggih punika nata lan ngrigenaken ekonomi brayat. Kados pundi supados arta ingkang dipun tampi saben wulanipun saged cekap kangge kabetahan brayat ing wulan punika. Brayat ingkang wicaksana tamtu saged nata kanthi sae, pundi ingkang kangge pisungsung, pundi ingkang kangge tetedhan sadinten-dinten, pundi ingkang kangge bayar listrik lan internet, pundi ingkang kangge sekolahipun para putra, lsp. Kita pitados bilih Gusti Allah tansah ngrimati lan nyekapi sadaya kabetahan kita, nanging kita kedah tetep wicaksana anggen kita ngrigenaken berkah peparingipun Gusti punika, supados saged nyekapi kabetahan brayat lan dados berkah kangge sesami.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Prabu Suleman anggenipun mutusaken sawetawis masalah kanthi wicaksana. Kacariosaken wonten kalih tiyang estri tuna susila ingkang nembe nglairaken bayinipun madhep dhateng Prabu Suleman nyuwun kaadilan. Salah satunggaling bayi ingkang nembe lair punika pejah, karana katindhihan, lajeng ibu bayi ingkang pejah punika mendhet bayi rencangipun, lan ngakeni bilih bayi punika anakipun. Saking ngriku Prabu Suleman mrintahaken supados bayi ingkang taksih gesang punika dipun sigar lan dipun bagi dados kalih. Ibu ingkang kagungan bayi punika boten tega saha matur supados bayi punika kaparingna dhateng rencangipun punika. Ingkang penting bayi punika tetep gesang. Kosokwangsulipun, ibu ingkang bayinipun pejah punika setuju bilih bayi punika dipun bagi dados kalih. Ing ngriku Prabu Suleman saged mangertos sinten ibunipun bayi ingkang asli punika.
Kados Prabu Suleman ingkang wicaksana anggenipun mutusaken masalah, mekatena ugi kita. Ing satengahing gesang bebrayatan, mangga kita ngrigenaken brayat kita kanthi wicaksana. Kita boten namung ngandelaken kakiyatan kita sacara manungsa, nanging kita nyuwun kawicaksanan dhumateng Gusti Allah, supados sadaya masalah ingkang kita adepi manggihaken kawilujengan. Amin. [AR].
“Tiyang ingkang wicaksana punika, tiyang ingkang saged nimbang bab prekawis gesang ingkang sae lan boten, lajeng milih ingkang sae.”