Nunggil Gusti Pancaran Air Hidup 1 Agustus 2023

Waosan: Efesus 6 : 10 – 20 | Pamuji: KPJ. 144
Nats:
“Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.” (Ayat 10)

Anak kula ingkang nomer kalih punika saben-saben dhateng jedhing tansah nyuwun dipun kancani. Pakulinan punika wiwit alit ngantos samangke sampun kelas V SD. Sampun makaping-kaping kula ngemutaken lan paring katrangan bilih pakulinan punika boten sae lan malah ngrepoti tiyang sanes. Lajeng piyambakipun, kula suwuni katrangan ingkang dados alesan kenging punapa namung dhateng jedhing kemawon nyuwun dipun kancani? Tetela menawi dhateng panggenan sanes sanadyan piyambakan lare punika kendel sanget. Dipun tilar ing griya piyambakan sanadyan dalu, anak kula punika wantun lan boten nyuwun dipun kancani. Ananging menawi dhateng jedhing sanadyan wancinipun siang kok nyuwun dipun kancani? Kanthi spontan anak kula mangsuli bilih wonten ing jedhing punika sepi lan boten wonten rencangipun.

Rumaos piyambakan pancen boten sekeca. Boten nggadhahi rencang pancen mbosenaken, punapa malih bilih raos piyambakan punika kedah kalampahan wekdal ingkang dangu. Kabetahan nggadhahi rencang punika kedah kapenuhan supados gesang kita boten ngraosaken awrat. Ananging rencang ingkang kados pundi? Sinten rencang ingkang prayogi? Efesus 6:1 paring dawuh supados kita nunggil kaliyan Gusti Yesus. Dawuh punika dados prentah utami kangge kita anggen nglampahi gesang, mirunggan bilih gesang kita ngraosaken piyambakan. Kita kadawuhan nunggil kaliyan Gusti Yesus supados kita nggadhahi kasantosan dalah kasektenipun Gusti. Pramila bilih kita namung ngandelaken daya karosan dalah kawisesan kita piyambak, kita asring kedlarung lan dawah ing pacoban. Pramila nunggil kaliyan Gusti punika ndadosaken kita saged ngayahi lan ngadepi sadengah kahanan kanthi prayogi.

Ing pungkasanipun wulan Kulawarga punika kita dipun emutaken malih supados nunggil kaliyan Gusti Yesus. Punika gathi sanget kangge kita, awit kita boten mangertosi punapa ingkang badhe kelampahan ing gesang lan brayat kita ing ngajeng. Sumangga kita sami pitados bilih nunggil kaliyan Gusti, kita badhe tinebihaken saking sakathahing pacoban miwah bilahi. Amin. [to2k].

“Gusti nunggil dhumateng manungsa boten krana gesangipun manungsa ingkang prayogi ananging krana manungsa ingkang ringkih lan betahaken pitulunganiPun.”

 

Bagikan Entri Ini: