Waosan: Jabur 15 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 27
Nats: “Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine, … “ (Ayat 2)
Wonten buku Tata lan Pranata GKJW dipun sebataken syarat-syarat kangge dados pinituwa lan diakening pasamuwan, inggih punika warga dewasa, jaler lan estri ingkang dipun sekseni setya dhumateng Gusti lan GKJW, pantes, yuswanipun 25 taun, dipun pandeng saged nindakaken ayahanipun minangka pinituwa lan diaken, sarta mboten kenging pamerdi. Syarat-syarat punika dipun damel supados pinituwa lan diaken ingkang kapilih saged dados tuladha kangge para warganing pasamuwan sarta mulang Sabdanipun Gusti kanthi leres. Mila dados pinituwa lan diaken punika saged dipun wastani timbalanipun Gusti, awit sinten kemawon ingkang kapilih kedah pitados lan ngandelaken Gusti Allah salampahing gesang peladosanipun.
Waosan kita ing dinten punika dipun wiwiti kaliyan pitakenipun Prabu Dawud minangka Juru Mazmur, “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?” (Ay. 1). Saking pitakenan punika kita angsal wangsulan, inggih punika: Tiyang ingkang laku gesangipun tanpa cacad, tumindak adil, sarta ngucapaken kabeneran (Ay. 2). Selajengipun Juru Mazmur ugi nyebataken tiyang ingkang kepareng mondhok wonten turubing Gusti punika tiyang ingkang mboten nyebar pitenah, mboten nindakaken piala tumrap rencangipun, lan mboten memada tumrap sesaminipun (Ay. 3). Punika ingkang dados syarat kanggenipun tiyang ingkang pantes wonten ngarsanipun Gusti.
Ing sasi tumitahing jagad punika, kita minangka umat-Ipun Gusti dipun ajak kangge ngraos-raosaken kados pundi kawontenan gesang kita wonten ngarsanipun Gusti. Punapa kita sampun pantes marek sowan dhumateng Gusti? Kita ingkang dipun pitados dados majelising pasamuwan punapa sampun ngayahi tugas tanggel jawab kita kanthi leres? Mangga kita mbangun kesadaran bab pentingipun hubungan antawis kita kaliyan Gusti, sesami, lan sadaya titahipun Gusti. Gusti ngersakaken gesang kita tanpa cacad, mangga kita sami ngupaya laku gesang ing satemenipun. Mekaten ugi kita sami ngucap ingkang bener, pangucap ingkang mbangun lan dados berkah kangge sesami. Kanthi mekaten gesang kita tansah sembada kaliyan Gusti. Amin. [AR].
“Setya tuhu, tumindak adil lan bener punika syarat anggen kita ndherek Gusti.”