Waosan: Mateus 5 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 339
Nats: “Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, …” (Ayat 12)
Punapa kemawon ingkang dipun tindakaken manungsa ing donya punika, sadaya punika kangge nggayuh gesang ingkang kebak tentrem rahayu. Katah tiyang ingkang dipun wastani gesang ingkang tentrem rahayu punika gesang ingkang sarwa kacekapan, sugih, pandamelanipun sukses, nggadhah jabatan ingkang inggil, lan sadaya ingkang dipun pingini saged kasembadan. Wosipun tentrem rahayu punika saged karaosaken nalika wonten ing kahanan ingkang sae. Tiyang badhe ewet ngraosaken tentrem rahayu nalika piyambakipun wonten ing kahanan ingkang mrihatosaken lan kacingkrangan.
Waosan kita nyariosaken Gusti Yesus ingkang mucal dhateng tiyang kathah ing redi bab tiyang ingkang rahayu. Para tiyang ingkang mirengaken pangandikannipun Gusti Yesus punika sanes tiyang ingkang sugih, kacekapan, lan kagungan drajat ingkang inggil. Ananging para tiyang ingkang sekeng, ingkang gesangipun sarwa winates, ingkang gesangipun prihatos lan asring nampi panganiyaya. Tamtu tiyang ingkang kados mekaten badhe ewet mangertosi piwucalipun Gusti Yesus punika. Nanging piwucalipun Gusti Yesus saestu benten kaliyan pamanggihipun donya. Gesang tentrem rahayu punika sanes awit saking kathahipun bandha donya lan drajat inggil ingkang dipun gadhahi, nanging tentrem rahayu badhe dipun tampi dening tiyang ingkang pasrah dhumateng Gusti. Tiyang ingkang rahayu inggih punika tiyang ingkang ngrumaosi bilih piyambakipun ringkih lan winates, mila gesangipun tansah sumende dhumateng Gusti lan mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti. Piyambakipun mboten nengenaken dhirinipun piyambak awit karaharjan badhe dipun raosaken nalika gesangipun migunani kangge sesami.
Wonten ing sasi tumitahing jagad punika, kita para umat-Ipun Gusti kedah kagungan tekad: punapa kemawon ingkang kita lampahi ing donya punika saged ta kita dados talanging berkah kangge sesami lan sadaya titahipun Gusti Allah. Alam peparingipun Gusti sumangga kita olah, rimati, lan jagi kanthi tanggel jawab supados sadaya ingkang gesang wonten ing donya punika saged ngraosaken katentreman lan karaharjan. Kados punapa kemawon kahanan kita, sumangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti awit Gusti tansah nunggil lan mberkahi gesang kita sami. Amin. [M@ul].
“Alam peparingipun Gusti, sumangga kita jagi lan rimati, ngudi karaharjan ingkang sejati.”