Waosan : 1 Timotius 5 : 17 – 25 | Pamuji : KPJ. 298 : 1, 2, 3
Nats: “… pituduh iki wigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmu tumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilih kasih.” (Ay. 21)
Dados tiyang sepuh punika kedah adil boten angsal pilih kasih lan benten-bentenaken putranipun. Tiyang sepuh kedah sadar bilih saben putra punika gadhahi kekirangan lan kaluwihan ingkang benten. Tiyang sepuh ingkang saestu tresna dateng putranipun tansah nresnani kawontenan putra-putrinipun kanthi tulus. Mekaten anggen kita gesang ing satengahing pasamuan, kita gesang sesrawungan kaliyan sinten kemawon. Awit anggen kita rumaos tresna dateng Gusti Yesus, tamtu kita boten badhe tumindak pilih kasih dateng sesami kita.
Ing waosan kita punika, Rasul Paulus maringi piwucal dateng putra rohaninipun Timotius bab tanggeljawabipun pinutuwa. Pinitiwa ing satengah-tengahing pasamuwan dipun pandeng tiyang ingkang penting lan dipun ajeni. Karana tiyang ingkang dados pinituwa punika kedah setya tuhu dateng Allah, anggenipun paring piwucal dateng pasamuwan kedah mbangun turut karsanipun Gusti. Mekaten ugi kawontenanipun kedah dados berkah, tumindak adil, ditanpa pilih kasih. Karana punika wonten seleksi ing satengahing pasamuan kangge miji sinten ingkang saged dados pinituwa.
Gesang ditanpa pilih kasih punika dados wujud gesang ingkang miturut karsanipun Gusti. Gusti Yesus piyambak sampun ngorbanaken Sariranipun kangge manungsa ingkang kebak dosa tanpa mandeng sinten tiyang punika. Kawilujengan saking Gusti Yesus boten namung kangge tiyang Yahudi punapa Yunani kemawon, ananging kangge sedaya manungsa ingkang pitados lan nderek Gusti Yesus.
Mangga kita nglampahi tumindak gesang kita adedasar sih katresnanipun Gusti Yesus. Sampun ngantos kita pilih kasih dateng sesami, dateng brayat, dateng putra-putri kita nanging mangga kita saged nresnani sedaya kanthi tulus. Mbangun gesang ingkang adil ing brayat, pasamuwan lan lingkungan kedah dados dasar kangge kita. Awit Gusti Allah punika tansah adil, mekatena ugi kita gesang ditanpa pilih kasih. Amin. (AR).
“Rahayu tiyang ingkang gesangipun nedahaken kaadilan lan ditanpa pilih kasih”