Tanda Katresnan Renungan Harian 1 Februari 2020

1 February 2020

Waosan : Yohanes 13 : 31 – 35   |   Pamuji :  KPJ. 316 : 1, 2
Nats
: “Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana dikaya anggonku wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga” (Ay. 34).

Nalika wonten daup suci, sa sampunipun manten nampi berkah, biasanipun kalajengaken kaliyan adicara tukar cincin. Nalika semanten manten jaler masangaken cincin wonten asta tengen semahipun, kosok wangsulipun manten estri ugi nindakaken mekaten dateng semahipun. Cincin kawin punika saged dipun wastani tanda katresnan ingkang dados pralambang bilih katresnan dateng semahipun punika bunder boten wonten singgetanipun. Katresnan ingkang kadasar sarana katresnaning Sang Kristus.

Wekdal peladosanipun Gusti Yesus ing donya sekedap malih purna. Gusti Yesus rumaos wekdalipun kaliyan para sakabatipun kantun sekedap, mila Gusti Yesus atur piwucal dateng para sakabat supados tansah tresna tinresnan. Gusti Yesus piyambak ingkang dados tuladha kados pundi anggenipun nedahaken katresnan punika. Pengorbananing Gusti Yesus ingkang kasalib ing Golgota dados tanda katresnanipun dateng manungsa. Salib ingkang kanggene tiyang Yahudi wujud kutuk, paukuman, nanging kanggenipun para sakabat lan panderekipun Gusti Yesus, salib punika tanda katresnanipun Gusti Yesus ingkang agung dateng manungsa.

Tansah tresna tinresnan punika printahipun Gusti Yesus piyambak dateng para sakabat lan dateng kita sedaya. Katresnan punika boten kandhek namung ing pangucap kemawon, nanging kedah kawujud ing tumindak gesang kita sadinten-dinten. Pramila tanda katresnan kedah kita nyataaken ing satengah-tengahing gesang kita. Kita wiwiti saking pangucap kita ingkang tansah ngiyataken, nglipur, paring semangat dateng sesami. Kaping kalihipun kita dados tiyang ingkang “entengan”, tegesipun gampil atur pitulungan dateng sesami ingkang nandhang kasisahan. Punapa ingkang kita tindakaken wujud kita nresnani dateng Gusti lan sesami. Pungkasanipun tanda katresnan kita punika nyata lumantar kesaksian gesang, gesang ingkang dados berkah kangge tiyang sanes, gesang ingkang migunani kangge sesami. Mangga kita ngestokaken dawuh pangandikanipun Gusti Yesus punika, gesang kanthi ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi tresna tinresnan dateng sesami. Gusti tansah nunggil lan nresnani dateng kita sedaya. (AR).

“Salib punika Wujud Tanda Katresnanipun Gusti Yesus dateng kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak