Waosan: 1 Para Raja 3 : 5 – 14 | Pamuji: KPJ. 365
Nats: “Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?” (Ayat 9)
Dinten punika dinten pungkasan ing taun 2021. Kados pundi lampah gesang kita ing taun 2021 punika? Punapa ingkang kita ajeng-ajeng ing taun 2021 punika sampun kasembadan? Punapa ingkang dados tanggel jawab kita, sae ing brayat, pendamelan, lan peladosan saged kita tindakaken kanthi temen-temen? Ing pungkasan taun 2021, mangga kita sami niti priksa sedaya lampah gesang ugi rancangan-rancangan gesang kita. Punapa kita sampun ngandelaken Gusti Allah ing salampahing gesang kita? Punapa kita sampun masrahaken sedaya rancangan kita wonten astanipun Gusti Allah?
Waosan kita dinten punika nyariosaken Prabu Suleman anggenipun ndedonga nyuwun kawicaksanan dhumateng Gusti Allah. Kasebataken ing waosan kita, Gusti Allah karsa ngatingal dhateng Prabu Suleman sak sampunipun Sang Prabu ngaturaken kurban obaran ingkang ageng wonten Gibeon. Gusti Allah karsa nyembadani punapa ingkang dados panyuwunanipun Sang Prabu. Saking ngriku Prabu Suleman boten nyuwun bandha kasugihan, panguwaos, lan derajat kangge kabetahanipun piyambak, nanging piyambakipun nyuwun supados dipun paringi kawicaksanan. Inggih punika manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Israel kalayan saged mbentenaken pundi ingkang sae lan ingkang awon. Sang Prabu nyuwun kangge kabetahanipun umatipun Gusti. Awit saking panyuwunan Prabu Suleman punika, Gusti Allah nyembadani panyuwunanipun punika. Lan kita mangertosi bilih Prabu Suleman punika dados Prabu ingkang kebak kawicaksanan ing antawisipun para prabu Israel.
Mungkasi taun 2021, mangga kita sami ndedonga nyuwun kawicaksanan kados dene Prabu Suleman. Kita sadar bilih kawontenan kita punika winates. Katah ayahan lan pendamelan ingkang boten saged kita tindakaken ngangge kakiyatan lan pamikiran kita piyambak. Kita mbetahaken pitulungan lan kakiyatan saking Gusti Allah kangge nindakaken sedaya ayahan lan pendamelan kita punika. Mangga ing pungkasan taun punika, sepindah malih kita masrahaken gesang kita ing astanipun Gusti Allah lan nyuwun manah ingkang wicaksana supados kita kiyat ngadepi gesang salajengipun ing taun enggal ingkang kebak misteri. Amin. [AR].
“Manah kang wicaksana dadosaken kita saged mangertosi karsanipun Gusti.”