Waosan: Jabur 8 : 1 –10 | Pamuji: KPJ. 232
Nats: “… sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.” (Ayat 6b)
Ing jaman samangke, kathah tiyang ingkang saingan supados saged pikantuk kaluhuran lan kamulyan dirinipun piyambak. Kados ingkang asring kalampahan ing jagad maya. Kangge kita ingkang kagungan media sosial Instagram, Twitter, Tik-Tok, lsp tamtu pirsa istilah followers. Followers punika akun tiyang sanes ingkang dados pandherek akun media sosial kita. Ing jagad media sosial sinten kemawon ingkang kagungan followers kathah, saged ndadosaken akun media sosialipun misuwur. Sansaya kathah followers asring ndadosaken tiyang punika rumaos bilih piyambakipun punika tiyang ingkang luhur lan mulya. Pramila ingkang asring kadadosan, kathah tiyang ingkang purun tumbas akun followers palsu supados punapa kemawon ingkang dipun tindakaken saged katingal luhur lan nampi pamuji saking tiyang sanes.
Waosan ing dinten punika ngengetaken kita sedaya bilih ingkang pantes nampi kamulyan lan kaluhuran inggih namung Gusti Allah kemawon. Awit Gusti Allah ingkang nitahaken jagad sarta sedaya isining bumi. Gusti Allah ugi nitahaken manungsa kanthi sae. Gusti Allah tansah enget dhateng manungsa lan tansah dipun galih. Pramila anggenipun Gusti Allah nitahaken manungsa, Gusti Allah karsa njangkepi punapa ingkang dados kabetahanipun. Gusti Allah ndadosaken manungsa punika titah ingkang endah, ingkang dipun makuthani kaluhuran lan kamulyan. Manungsa ugi dipun paringi panguwaos supados saged ngrimati lan nggulawentah titah sanesipun. Sedaya punika dipun paringaken Gusti Allah dhateng manungsa, pramila estunipun manungsa punika mboten saged ngunggulaken diri lan rumaos bilih piyambakipun punika tiyang ingkang luhur lan mulya. Awit kaluhuran saha kamulyan ingkang dipun tampi manungsa punika peparing saking Gusti Allah.
Pancen limrah sanget bilih kita punika kepingin kagungan followers kathah lan nampi pamuji saking tiyang sanes. Ananging kita kedah enget, kasaenan ingkang saged kita tindakaken punika peparing saking Gusti Allah. Pramila mboten pantes bilih nami kita piyambak ingkang nampi kaluhuran lan kamulyan. Gesang kita punika namung saderma titah, pramila kaluhuran lan kamulyan ingkang sampun kita tampi, sumangga saged kita agem kangge ngluhuraken lan mulyakaken Gusti Allah. Amin. [gwk].
“Tansah andhap asor lan ngluhuraken kamulyanipun Gusti, punika bab ingkang wigati.”