Waosan: Efesus 5 : 1 – 6 ǀ Pamuji: KPJ. 348
Nats: “Samono uga aja ngucap kang saru-saru, clemang-clemong utawa geguyon sembranan – marga iku kabeh ora pantes – nanging luwih prayoga ngucapa sokur.” (Ayat 4)
Cobi kita gatosaken ing salebeting gesang kita, “Langkung kathah pundi pangucap kita ingkang ngrusak, punapa pangucap kita ingkang mbangun, ingkang asring kita mirengaken?” Sadar punapa boten, kita punika asring ngucap lan mirengaken pangucap ingkang ngrusak tinimbang ingkang mbangun. Contonipun wiwit enjing, kita ningali lan mirengaken pawartos gosip artis ingkang bubrah byaratipun. Nalika sesrawungan kaliyan kanca, kita ngucapaken gosip utawi pawartos awonipun bab rencang kita. Tamtu pangucap ingkang mekaten punika boten ndadosaken ayem lan tentreming gesang kita, malah-malah ndadosaken kita padu kaliyan rencang utawi sanak sedherek kita.
Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Efesus bilih para warganing pasamuwan Efesus punika kasebat para putraning Allah. Awit saking punika warga pasamuwan Efesus kedah nuladha Sang Kristus ingkang sampun ngorbanaken Sariranipun kangge nebus dosa para manungsa. Punika wujud sih katresnan-Ipun Gusti. Pramila Rasul Paulus nyuwun supados pasamuwan Efesus tansah gesang ing katresnan (Ay. 2), nebihi laku jina, pratingkah rusuh, lan kamurkan (Ay. 3). Rasul Paulus ugi ngengetaken supados pasamuwan Efesus sampun ngantos ngucap ingkang saru, clemang-clemong, geguyon sembranan, nanging tansaha ngucap sokur dhumateng Gusti (Ay. 4). Pancen rumiyin warga pasamuwan Efesus punika gesang ing pepeteng, nanging sapunika sampun katebus dening Gusti Yesus lan gesang ing pepadhang. Mila gesangipun kedah nuwuhaken wohing pepadhang inggih punika kabecikan, kaadilan, lan kabeneran. (Ay. 9)
Anggenipun kita mbangun pasamuwan kedah kita landesi sarana pangucap ingkang mbangun sanes pangucap ingkang ngrusak. Pangucap ingkang mbangun punika pangucap ingkang ndadosaken ayem lan tentreming manah tiyang ingkang mirengaken. Pangucap ingkang saged ngiyataken, nglipur, lan nuwuhaken pangajeng-ajeng kangge para warga pasamuwan. Pangucap ingkang mbangun punika dipun betahaken supados gesanging pasamuwan tansah ngraosaken katentreman lan kawilujengan. Mangga kita sami ngladi manah dan gesang kita piyambak, “Punapa pangucap kita sampun mbangun pasamuwan lan nuwuhaken berkah?” Mangga kita ngupaya mbangun pasamuwan sarana pangucap ingkang maedahi. Amin. [AR].
“Pangucap kang mbangun punika dipun betahaken kangge kasaenanipun pasamuwan.”