Nyingkur Gusti Pancaran Air Hidup 1 September 2023

Waosan: Yeremia 15 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ 124
Nats: “Sira dhewe wus nampik Ingsun, … sarta wus lunga nyingkur Ingsun. Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira; Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung.” (Ayat 6)

Duka, sadaya tiyang tamtu nate ngraosaken raos punika. Sanadyan tatacara lan gayanipun duka saben tiyang boten sami, ananging estunipun tiyang ingkang duka punika sami ngraosaken sekel ing manah lan jalari lungkrah ing raga. Prasasat tiyang duka punika boten saged kanthi gamblang ningali kahanan, awit manahipun kalimputan ing nepsu. Bilih manungsa limrah ingkang duka tamtu boten sepinten dampakipun. Ananging bilih pejabat ingkang duka tamtu mbebayani kangge gesangipun masyarakat. Punapa malih bilih ingkang duka punika Gusti Allah tamtu estu saged ndamel sangsaranipun sadaya manungsa.

Waosan kita ugi nyariosaken babagan duka, sanes manungsa ingkang duka, ananging Gusti Allah. Kenging punapa Gusti Allah duka? Awit gesang lan lelampahanipun bangsa Israel sampun mblasar saking pepaken-Ipun. Punapa Gusti kita punika Gusti ingkang remen duka? Estunipun boten. Wiwit mulanipun Gusti nimbali bangsa Israel, Gusti Allah sampun asring duka, ananging nalika jaman Yeremia, Gusti Allah duka sanget, awit gesangipun bangsa Israel sampun blasar. Boten namung tata gesangipun ingkang sampun boten cundhuk kaliyan kersanipun Gusti, bangsa Israel ugi kumolungun mawi sesembahan allah sanesipun. Bangsa Israel sampun nampik lan nyingkur Gusti Allah (Ay. 6). Pramila Gusti Allah badhe paring bebendu dhumateng bangsa Isarel, awit cuwaning manah-Ipun.

Saking waosan kita dinten punika kita saged sinau: sepisan, bilih Gusti Allah punika saged duka. Gusti Allah boten namung Gusti ingkang agung ing piwelas, ananging ugi Gusti ingkang saged duka sanget. Wonten wancinipun Gusti punika asih darma lan berkahi manungsa, ananging Gusti ingkang sami ugi paring bebendu dhateng manungsa awit dukanipun. Kaping kalih, dukanipun Gusti punika awit kuciwa kaliyan manungsa ingkang nampik lan nyingkur Gusti. Kaping tiga, sampun ngantos kita punika mawang sepele dhumateng Gusti. Gusti kita punika kedah dados ingkang utami ing saurutipun gesang kita. Boten krana supados kita dipun berkahi, ananging dados timbalan kita ngabekti kanthi setya dhumateng Panjenenganipun. Amin. [to2k].

“Aja nyingkur Gusti Allah, nanging manuta lan ngabektia dhumateng Gusti”

 

Bagikan Entri Ini: