Ngakoni Gusti Allah Renungan Harian 30 November 2017

30 November 2017

Waosan : Zakaria 13 : 1 – 9 | Pamuji : KPK 171 : 1, 3, KPJ 189 : 1 – 3
Nats: ”Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya mbesot mas; iku bakal nyebut AsmaninSun lan bakal Sun paringi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.” [ayat 9]

Emas menika saged dados emas ingkang sae, karana anggenipun ngluluh ngantos peng-pengan. Semanten ugi menawi gegaman ingkang saged landhep inggih anggenipun ngesah gegaman menika kanthi saestu. Menawi manungsa anggenipun ngluluh utawi ngesah ingggih sarana perkawis-perkawis gesang ingkang kedah dipun alami.

Semanten ugi ingkang dipun lampahi Israel ingkang dados bangsa pilihan ngawontenaken pamratobat sesarengan, ngrumaosi lepat lan cecawis pasucen saking dosa. Sumber ingkang dipun bikak terus-terusan kangge ngimbah dosa menika kados salah satunggaling kali ing taman Pirdus ingkang mili saking kithaning Allah. Awonipun bangsa menika -ing sawatawis wegdal- kedah kasebrataken kangge tandha pitobatipun. Margi kangge ngicali awonipun bangsa menika dipun cawisaken dening Gusti Allah kados sumbering toya pigesangan ingkang tansah mili kanthi lan-lanan.

Brahala ingkang dados njalari bangsa menika nglampahi awon. Pramila kanthi mekaten upacara pangumbahing dosa kedah dipun lampahi kangge nyingkiraken piawon menika. Anggenipun nglampahi upacara menika kados nglebur salaka dipun lebetaken geni, kados mbesut mas. Temah badhe nyebut Asmane Sang Yehuwah lan Sang Yehuwah paring wangsulan. Kanthi mekaten wonten sesambetan ingkang harmonis antawisipun ingkang sampun dipun lebur kalawau kaliyan Allahipun.

Mekaten ugi menawi ing jagad menika kita ngraoaken masalah ingkang boten wonten telasipun, kita kados mas ingkang dipun besot utawi selaka ingkang dipun lebur, temah kita rumaos mbetahaken Gusti lan salajengipun kita purun raket kaliyan Gusti. Menapa malih ing wegdal menika kita nyawisaken Bujana Suci mapag dinten rawuhipun Gusti, kita perlu ndadar manah lan pigesangan kita, temah pacawisan kita saged langkung jangkep. [Bpur]

“Gesang ing jagad, mesthi nglampahi kasangsaran supados langkung celak kaliyan Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak