Waosan: Yesaya 52:13-15 | Pamuji: KPK 250
Nats: “…wong akeh bakal padha dheleg-dheleg nyumurupi Panjenengane –amarga saka bengeting rusake pasemone, nganti ora kaya manungsa maneh. ” (ay 14)
Tiyang ingkang nindakaken piyambak pedamelan ageng ngantos rampung, limrahipun murugaken tiyang menika ngalami lemes tanpa daya. Menapa malih yen anggenipun nyambut damel menika ing papan ingkang reged, mesthi tiyang menika badhe ketingal kados tanpa rupa.
Lah mekaten ingkang dipun alami dening Gusti Yesus anggenipun netepi (menggenapi) pamecanipun Nabi Yesaya bab Abdinipun Allah ing waosan kita dinten menika. Abdi menika nggadhahi kuwajiban nindakaken pakaryan ngantos rampung. Anggenipun nindakaken pakaryan ageng mitulungi rahayu manungsa dosa ing donya menika, Gusti Yesus ngantos tanpa rupa. Sakujur sariranipun tatu arang kranjang karana dipun pecuti. Pasuryanipun bengep tur nggih tatu karana dipun jotosi dening para prajurit. Ing kawontenaning raga ingkang ajur menika, Panjenenganipun dipun surung lan dipun jongkrokaken ngantos -nuwun sewu- nyosop lan kejongor ing lebu. Satemah, saestu Gusti Yesus kecalan kamulyan, dados tanpa rupa. Sabab, donya -papan pakaryanipun- menika pancen papan ingkang reged sanget awit kathahing lan agenging dosa lan piawonipun (kejahatan) manungsa, kalebet kita.
Pakaryan mitulungi rahayu manungsa dosa menika dipun lampahi dening Gusti Yesus ngantos katoging kakiyatanipun. Satemah, Panjenenganipun ngantos lemes tanpa daya lan seda wusananipun. Kanthi mekaten, pakaryan karahayon menika saestu dipun rampungi kanthi sampurna, inggih SAMPURNA.
Tamtu kita rumaos trenyuh sanget ngengeti lelampahanipun Gusti Yesus ingkang kita pengeti dinten Jumat Agung menika. Nanging kita ugi ngunjukaken panuwun sokur ingkang tanpa upami awit karahayon sampurna ingkang sampun dipun paringaken dening Gusti Yesus dhateng kita. Samangke, kados pundi anggen kita nindakaken pakaryan, kuwajiban lan tanggel jawab kita ing greja, ing brayat, ing kantor lan ing masyarakat? Menapa sampun ngantos katoging kekiyatan kita? Menapa sampun ngantos lila kecalan kamulyan?…? Selajengipun kita badhe kados pundi?…? [st]
“Rahayu kang nindakake pakaryane Gusti nganti tanpa daya lan rupa.“