Waosan : Wil 22:22-28 | Pujian: KPJ No. 385
Nats: “Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam…” (ayat 28)
Sesambetan manungsa kaliyan kewan kawiwitan nalika Adam maringi aran ing taman Eden (Purw. Dumadi (PD) 2:20). Manungsa kekancan lan wicantenan kaliyan kewan (Sawer-PD 3: 1). Karana manungsa tumindak dosa, sesambetan menika lajeng risak lan sawer dikurbanaken dados tumbal-tambeling wiranging manungsa (PD 3:21). Lajeng manungsa ngurbanaken kewan (PD 4:4) lan Gusti Allah marengaken manungsa nedha daging sawetawis kewan (PD 9:3-4). Boten wonten malih cariyos ing Alkitab dene kewan kekancan lan wicanten kaliyan manungsa kejaba kuldi ing cariyos Bileam menika.
Bileam sampun wuta paningal batinipun karana iming-iming bandha lan kamukten saking raja Balak. Piyambakipun boten ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Kersaning Allah kuldi tunggangane, satunggaling kewan kang kaanggep bodho, nglairake protes dhateng bendaranipun kang nindakake kekerasan sawenang-wenang. Pratingkahipun Kuldi kalawau ngemu teges supados bendaranipun boten nemahi cilaka. Gusti Allah lajeng mbikak mripatipun Bileam supados boten nglajengaken anggenipun nyiksa tungganganipun ingkang setya menika.
Gusti Allah ngersakaken manungsa boten sawenang-wenang dhateng sato kewan. Menika saged dipirsani ing Alkitab ingkang nerangaken larangan lan perintah supados manungsa nindakaken kawelasanipun: Aturan mragat (PD 9:4), leren/Sabat (Pangt. 20:8), aja dibarengke (Kaimm. 22:28), dirumati-dientaske (Pang. Toret 22:4, 25:4, Luk. 13:15, 14:5). Kewan menika migunani kangge ngenthengaken padamelan, sumber pangan ugi saged nglipur.
Ing jaman samangke, kewan kapundhut dening manungsa dados rumatan ing griya kangge klangenan. Miturut penelitian medis kewan rumatan (pet) mbiyantu proses pemulihan psikis pasien, nyuda depresi lan tensi inggil. Wonten ing ilmu parenting (pengasuhan anak), anak ingkang ngopeni kewan saged sinau perduli lan tanggung jawab. Wulangan bab rasa welas dhateng sato kewan njalari kawelasan dhateng sesami. Kados pundi anggen kita ngopeni titahipun Gusti Allah? (PAY)
„Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya“ (Wulang Bebasan 12:10)