Waosan: Mateus 16 : 21 – 28 | Pamuji: KPJ. 192
Nats: “Nanging Gusti Yésus mbalik sarta ngandika marang Pétrus: “Sumingkira, Iblis! Kowé ngalang-alangi Aku. Pikiranmu kuwi pikirané manungsa; dudu apa sing dikersakaké déning Gusti Allah!” (Ayat 23)
Tamtu kita badhe ngraosaken bingah menawi sadaya lampahing gesang kita saged nyondongi kaliyan punapa ingkang kita kajengaken. Langkung-langkung kita saged ngontrol punapa kemawon ingkang badhe kalampahan. Ananging kasunyatanipun, kita manungsa punika winates lan boten saged nguwasani gesang kita piyambak. Wonten unen-unen, “Kridhaning Ati Ora Bisa Mbedhah Kuthaning Pesthi”, ingkang ngemu pangertosan kadosa pundi agengipun kita nggadhahi kekarepan ing manah ingkang kawujudaken ing samubarang tumindak utawi pambudi daya kanthi sengkut, boten saged nglangkungi punapa ingkang dipun karsakaken dening Gusti Allah.
Sampun cetha punapa ingkang badhe dipun lampahi Gusti Yesus miturut karsanipun Allah. Pangandikanipun Gusti Yesus, “Aku kudu lunga menyang kutha Yérusalèm lan bakal dianiaya déning para penggedhé, para pengareping imam lan para ahli Torèt. Aku bakal dipatèni, nanging ing telung dinané bakal katangèkaké!”(Ay. 21). Pangandikanipun Gusti Yesus punika boten trep kaliyan penggalihipun Petrus. Petrus ndedonga supados Gusti Yesus saged uwal saking pacoban. Ketingalipun pemanggih lan panyuwunipun Petrus punika becik, ananging panyuwunan punika namung adedasar pikajengipun manungsa limrah. Punapa ingkang dipun karsakaken Gusti Allah benten kaliyan pikajengipun Petrus. Karana punika, Gusti Yesus paring piweling supados Petrus boten nggugu pikajengipun piyambak. Saben tiyang kedah purun nglampahi karsanipun Gusti Allah sanajan kedah manggul salib, ngadepi pacoban lan kasangsaran.
Tiyang pitados kedah nggadhahi pangertosan bilih sadaya pigesangan kita punika boten saged uwal saking punapa ingkang dipun titahaken Gusti. Kados dene Gusti Yesus ingkang masrahaken sadaya gesangipun, supados pakaryanipun Gusti Allah saged kalaksanan ing alam donya. Kita minangka tiyang pitados kedah kiyat lan teges dhumateng sadaya prekawis ingkang nebihaken kita saking karsanipun Allah. Supados kita kiyat lan teges, kita perlu nglampahi sadaya sabda pangandikanipun Allah lan nyenyuwun panuntunipun Sang Roh Suci ing gesang kita. Mangga kita sami netepi lan nindakaken dawuhipun Gusti punika. Amin. [Sungsang].
“Manungsa namung titah sawantah.”