Waosan: Yesaya 32 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 390 : 1 – 3
Nats: “Nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur, lan tansah tumindak mangkono.” (Ayat 8).
Zaman samangke asring kita dipun adhepaken dhateng pigesangan ingkang kados unen-unen, “Wong luhur ing budi kuwi angel ditemoni.” Kita gampil manggihi pawartos bab asoripun prekawis moral, kajujuran, lan kaluhuran. Pawartos bab kriminalitas, pawartos palsu (hoaks) lan korupsi, kados-kados sedaya punika dados “tetedhan” saben dinten. Punapa kawontenan ingkang kados mekaten inggih sampun ngrasuk dhateng gesang pasamuwan lan kapitadosan kita? Punapa kita sampun ewed manggihi tiyang-tiyang ingkang nggadhahi budi ingkang luhur, jujur, lan adil?
Kitab Yesaya paring gambaran bab gesangipun umat Israel ingkang badhe ngalami kaprihatosan. Sedaya punika karana tumindakipun para panguwaos lan para umat Israel ingkang sampun nyimpang saking karsanipun Gusti. Gusti Allah ngengetaken bilih umat mboten ngewahi tindak-tandukipun ingkang mekaten, Gusti Allah badhe paring paukuman. Senajan mekaten, umat Israel ugi dipun paringi pawartos rahayu, bilih umat Israel badhe ngalami gesang ingkang mbingahaken. Gusti Allah kersa campur asta kangge nulungi lan nguwalaken gesang umat kagunganipun saking kaprihatosan. Punika badhe kalaksanan, nalika Gusti Allah dipun paringi wegdal mrintah lan nuntun umat ing sadhengah kawontenan pigesanganipun.
Minangka tiyang ingkang sampun kauwalaken saking bebenduning dosa, kita tamtu kepingin saged ngraosaken gesang ingkang kebak kabingahan lan katentreman. Supados kita saged ngraosaken gesang ingkang mekaten, mboten wonten margi sanes kejawi, kita ngupadi dados tiyang ingkang luhur ing budi, jujur, lan adil ing tumindak kita. Karana punika, mangga kita sami ngasoraken dhiri ing ngarsanipun Gusti. Kita undhang Gusti rawuh ing gesang kita, sae lumantar dhawuh Pangandikanipun, pandonga, lan pamuji kita. Kita paring wekdal kangge Gusti supados Panjenenganipun ingkang dados sumbering kayekten, dados Raja ingkang mrintah lan dados punjering sedaya laku lan keputusan gesang kita. (nn).
“Ngasoraken dhiri, maringi papan lan wegdal kagem Gusti saged nuntun kita ing laku, ndadosaken kita manungsa kang luhur ing budi.”