Wonten Peraturan, Punapa Kedah Dipunlanggar? Renungan Harian 3 Oktober 2020

3 October 2020

Waosan : Jabur 19 : 1 – 15    |   Pamuji : KPJ. 192
Nats
: “Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa; pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pengalaman” (Ay. 8).

Ing satengah-tengahing gesang tamtu wonten aturan-aturan ingkang kedah dipun taati dening masyarakat. Ananging taksih kathah tiyang ingkang boten manut aturan-aturan punika. Contonipun :  tiyang ingkang badhe nyebrang margi kedah miyos zebra cross utawi jembatan penyeberangan, nanging langkung kathah tiyang ingkang nyebrang sacara sembarangan. Kaping kalih, wonten aturan ing margi ingkang wonten rel sepuripun, nalika sepur lewat kedah ngrumiyinaken sepur punika, nanging boten sekedhik tiyang ingkang nekat nrobos palang sepur. Kenging punapa kawontenan punika kelampahan? Nalika kita gatosaken, umumipun tiyang punika paring wangsulan awit langkung gampil, boten perlu antri, lan boten ‘ribet’. Tiyang-tiyang kesupen aturan-aturan punika dipun damel kangge ‘keselamatan’ diri.

Limrahipun manungsa remen ingkang praktis lan aturan asring dipun tingali minangka prekawis ingkang boten praktis. Pramila sanadyan sampun wonten aturan, kathah tiyang ingkang nglirwakaken. Mekaten ing salebeting sesambetan kita klayan Gusti. Kathah pitedah lan pangatag iman ingkang kita tampi. Kita kadhawuhan ngupadi gesang ingkang sae, olah katresnan, laku adil lan kathah malih. Nanging asring kita mlampah miturut pikajeng kita, boten manut Pangandikanipun Gusti Allah.

Kados pundi sikap kita gegayutan klayan Pangandikanipun Gusti? Punapa pemanggih kadosdene judul renungan punika inggih badhe kita cakaken? Awit sacara jujur kita mesti ngraosaken bilih aturan punika prekawis ingkang ewet saha mbetahaken usaha, langkung-langkung gegayutan kaliyan Pangandikanipun Gusti. Ananging menawi kita purun sinau saking reraosan dinten punika, kita saged tumindak sae. Awit aturan langkung-langkung pranatanipun Gusti pancen boten gampil dipun lampahi ananging nuwuhaken kasaenan sejati. Pranataning  Gusti saged ngiyataken jiwa lan paring kawicaksanan. Minangka pandherekipun Gusti, swawi kita ngupadi pranataning  Gusti. Tamtunipun boten kados dene aturan nyebrang margi utawi palang sepur ingkang nebihaken kita saking kacilakan, sedaya pranataning  Gusti mbereg kita ing kasaenan, nuwuhaken tentrem rahayu saha nebihaken kita saking bilai. Amin. (WE).

“Kula nedya kadya Gusti, gesang suci, gesang suci” (KPJ. 343)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak