Waosan: 2 Korinta 4: 5 – 12 I Pamuji: KPK. 44:1-4
Nats: „…,supaya tetelaa manawa kakuwatan kang ngedab-edabi iku asale saka Gusti Allah,“ (ayat 7)
Kita para pitados ing jaman sakmenika mesthinipun mirsani Paulus minangka Rasul ingkang kasil anggenipun nindakaken ayahanipun. Kabukti Paulus saged medhar warta ngantos dumugi ing pundi – pundi panggenan, lan serat – seratipun lumebet ing perangane Kitab Suci ingkang ndadosaken kita, para pitados, saya mangertos bab warta swarga. Ananging punapa ingkang sampun dipun asilaken mboten ndadosaken Paulus gumunggung, panjenenganipun ngakeni lan nedahaken kanthi cetha bilih daya karosane manungsa punika winates, lan Paulus nggambaraken dhirinipun namung kados grabah (bejana tanah). Paulus saestu nyadhari bilih peladosanipun saged katampi inggih namung karana kamirahanipun Gusti kemawon boten karana kaprigelan, kasagedan utawi kadigdayanipun Paulus. Fokus ingkang dipun wartosaken inggih punika Gusti Yesus Kristus sumbering pepadhang, sanes pribadinipun minangka Rasul.
Sanadyan kasil martosaken kabar kabingahan bab Sang Kristus, ing salebeting paladosanipun, Paulus ugi ngalami ngalami bab ingkang saestu awrat. Panjenenganipun dipun mengsahi, dipun tindhes, dipun pepet, dipun kunjara. Ananging saestu mbingahaken, ing salebeting kaprihatosan anggenipun nglampahi peladosan, Rasul Paulus saged ngraosaken kamirahanipun Gusti ingkang saestu. Mila panjenenganipun boten rumaos kejepit, boten rumaos kijenan, boten rumaos kecalan akal, lan boten rumaos nemahi bilahi. Elokipun malih panjenenganipun saestu saged ngucap syukur dhateng Gusti tumrap punapa ingkang sampun kelampahan lan sampun dipun alami.
Menawi kabandhingaken, awrating peladosan lan lampahing para pitados ing jaman sakmenika tebih sanget kaliyan jamanipun Rasul Paulus. Mesthinipun kita saged nuladhani para rasul ingkang ing salebeting gesang kapitadosan. Senadyan nemahi tantangan lan pambengan boten ndadosaken semplah ing manah. Prayogi bilih kita tansah nggadhahi semangat, awit ing salebeting kaprihatosan gesang Kristen, ing ngriku Gusti paring pitulungan. Amin. (GaSa)
„Kamirahaning Gusti dados daya ing leladi. “