Waosan: 2 Para Raja 20 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira, ….” (Ayat 5b)
“Pandonga punika dados ambeganipun tiyang pitados!” mekaten ungelipun tiyang Kristen ing sadengah jejagongan. Lajeng pitakenanipun, “Punapa kita taksih setya ing pandonga?”
Waosan kita ing dinten punika ngemutaken kita bab panguwaosing pandonga ingkang dipun tindakaken kanthi tumemen ing ngarsanipun Gusti. Nalika Prabu Hizkia sakit, lumantar Nabi Yesaya piyambakipun sumerep bilih yuswanipun mboten dangu malih. Lajeng kanthi panelangsa Prabu Hizkia ndedonga dhumateng Gusti Allah: “Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapa dene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” (Ay. 3). Lumantar pandonga ingkang kauntabaken dening Prabu Hizkia punika, Gusti Allah karsa ngowahi punapa ingkang sampun kadawuhaken. Panjenenganipun trenyuh karana panyuwunanipun Hizikia ing pandonga. Hizkia ingkang wiwitan badhe ngajal lajeng kaparingan tambahing yuswa ngantos gangsal welas taun. Mboten namung punika kemawon, Gusti Allah ugi nguwalaken kutha Yerusalem saking Asyur (Ay. 6), peparingipun Gusti Allah ingkang sejatosipun mboten kasebat ing pandonganipun Hizkia.
Lumantar cariyos punika kita saged ngraosaken kalih prekawis:
- Ingkang sepisan, sampun ngantos kita ngremehaken pandonga. Perlu kita akeni bilih ing jaman ingkang materialistik punika, asring manungsa ngunggulaken pencapaianipun Ngrumaosi bilih samudayanipun ingkang sampun kagayuh punika namung krana kapinteran lan pambudidayanipun piyambak. Mboten ngrumaosi malih bilih sedayanipun punika ugi karana pakaryanipun Gusti Allah. Punika ingkang ndadosaken manungsa tebih kaliyan Gusti, malahan nganggep bilih pandonga punika mboten wonten ginanipun. Sampun ngantos kita nampeni pacoben lan kasisahan rumiyin (kadosdene Hizkia), lajeng kita purun ndedonga lan pitados panguwaos-Ipun.
- Kaping kalih, kita sinau bilih Gusti Allah tansah pirsa punapa ingkang dados kabetahan kita lan ugi maringi punapa ingkang dados panyuwun kita ing pandonga. Pramila sampun ngantos kita ndedonga kadosdene tiyang meksa lan ndekte Gusti Allah. Kadang punapa ingkang mboten kita suwun ing pandonga, punika ingkang kita tampi saking Gusti. Amin. [PY].
“Gusti Allah pirsa kabetahan kita, swawi kita tetep setya ing pandonga.”