Waosan : Purwaning Dumadi 27 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ. 316 : 1
Nats: “… Ipat-ipat iku dak sanggane, engger, anakku, nuruta pituturku bae …” (Ay. 13)
Bapak Glundung lan ibu Resek kanggungan yoga kalih, ingkang mbajeng naminipun Wiwit lan ingkang ragil naminipun Pungkasan. Wiwit lan Pungkasan punika sinau wonten Universitas top. Bapak Glundung lan Ibu Resek saestu binggah, awit nggadah yoga ingkang pinter. Menawi kepangih sinten kemawon, lare kekalih punika mesti dipun cangking ing crita. Ing bab sanesipun Wiwit punika yoga ingkang sanget dipun tresnani Bapak Glundung. Dene Pungkasan punika yoga ingkang paling dipun tresnani dening ibu Resek. Menawi lare kalih punika padu, tiyang sepuh mboten saged setunggal suwara, awit sami belani yoga kesayanganipun piyambak-piyambak. Malahan saged kemawon pak Glundung lan ibu Resek padu piyambak. Menawi Wiwit punika salah lan dipun dukani ibu Resek, Bapak Glundung mbelani, menawi Pungkasan ingkang dipun dukani pak Glundung, ibu Resek ingkang belani.
Yakub lan Esap minangka sederek kandung, ingkang lair meh sesarengan wekdalipun, saking ibu Ribkah lan bapak Iskak. Lare kekalih punika gadhahi keprigelan piyambak-piyambak. Saking carios punika nedahaken bilih Bapa Iskak lan ibu Ribka punika kagungan putra kesayangan. Malahan ibu Ribka punika apus-apus, supadosa Yakub saged nggayuh berkah saking ramanipun, senaosa berkah punika sejatinipun hak Esap. Demi putra kesayanganipun, senaosa kenging ipat-ipat tetep kemawon margi punika dipun lampahi dening Ribkah. Pramila awit prastawa punika pasederakan antawisipun Esap lan Yakup risak. Esap emosi dhateng Yakub awit sampun ngrebut berkahipun, Iskak rumaos ajrih ugi gela. Pasederekan ingkang kedahipun saged nuwuhaken katentreman, ambyar, awit tiyang sepuh ingkang pilih kasih.
Tumindak adil dhateng yoga kita punika mboten gampang, ingkang cacahipun kalih kemawon kadangkala kewetan, punapa malih ingkang cacahipun kathah. Senaosa mekaten, tiyang sepuh punika kedah saged ngupaya wujudaken tresna dhateng sedaya yoga punika kanthi rata. Mboten pilih kasih, boten wonten anak bapak, anak embok, ingkang wonten inggih punika yoganipun bapak lan embok. Katresnan ingkang rata punika saged kawujudaken kanthi cara, menawi bapak lan ibu tutur-tutur dhateng yoga punika saged kompak. (Gal).
“Bapak lan ibu anggenipun nggulawenthah anak kedhah kompak”