Waosan : Kaimaman 15: 19 – 31 I Pamuji: KPJ. 63: 1, 2
Nats: “Kaya mangkono anggonira nyingkirake wong Israel saka ing kanajisane,supaya aja nganti padha mati ing sajroning kanajisane,marga padha najisake Tarub SuciningSun kang ana ing tengahe iku.“ (ay. 31)
Saben manungsa sae jaler utawi estri, utaminipun ingkang sehat organ reproduksinipun, ing wekdalipun tamtu ngedalaken dedleweran saking badanipun. Boten namung ingkang sehat kemawon, dedleweran saged ugi medal karana tiyang saweg sakit. Mila medalipun dedleweran saged saking tiyang ingkang sehat ugi tiyang ingkang saweg gerah.
Saking waosan dinten menika kita saged mangertosi bilih ing jaman Prajanjian Lami, dedleweran dipunanggep rerege. Tiyang ingkang ngedalaken dedleweran ugi dipunarani saweg najis. Rereged menika saged sinebar lan njalari regedipun barang utawi tiyang lintu ingkang kagepok lan kasenggol dening manungsa ingkang najis menika. Kalebet ing mriki Kemah Suci. Awit Kemah Suci-nipun Sang Yehuwah menika kedah resik, sinten kemawon ingkang ngregedi mesti pejah. Pancen kawontenanipun Kemah Suci utawi Tabernakel menika dereng sampurna minangka Padalemanipun Sang Yehuwah.
Awit sih kadarmanipun, Gusti boten ngersakaken umatipun pejah, mila ingkang reged dipun dhawuhi supados nengga ngantos resik, lajeng saos kurban kados dene pranatan ing waosan menika. Sedaya menika dipun tata minangka wujud katresnanipun Gusti.
Wujuding katresnan salajengipun, Gusti ngutus Sang Putra dados kurban kangge nebus manungsa. Kasucenipun Sang Putra mboten saged dipun regedi dening regedipun manungsa. Malah manungsa reged ingkang kanthi pitados nggepok lan nyenggol Panjenenganipun badhe kasucekaken. (Mrk. 5: 25-30).
Mboten wonten manungsa ingkang sampurna, saben tiyang saged kemawon njalari reged. Ananging saben manungsa ingkang mboten sampurna menika tetep dipun tresnani dening Gusti. Mila monggo tetep gondhelan maring Gusti kanthi pitados bilih reged kita dipun resiki dening Gusti. Sadaya inggih saking sih kadarmanipun. (Dawir)
“Manungsa ora sampurna, sih kadarmane Gusti Allah kang sampurna”