Waosan: Wulang Bebasan 1 : 20 – 33 | Pamuji: KPJ. 436 : 1, 3
Nats: “Balik sing sapa nggugu marang aku, iku bakal manggon kalawan slamet, kalis ing bilai kang nggegirisi.” (Ayat 33)
Wonten salah satunggiling warga saking dhusun ingkang badhe kekesahan dhateng Surabaya nitih montor lan nyupir piyambak. Tiyang punika dereng nate kesah dhateng Surabaya, pramila babar pisan mboten sumerep jalur-jalur margi ing Surabaya. Saderengipun bidhal sejatosipun sampun wonten tiyang ingkang nedahi jalur-jalur pundi ingkang kedah dipun langkungi nanging dhasar tiyangipun wangkot, pitedah ingkang dipun paringaken dening tiyang kalawau mboten dipun wigatosaken. Pungkasanipun ingkang kalampahan, piyambakipun kesasar-kesusur mboten manggihaken alamat ingkang dipun tuju, satemah nanggel kapitunan ingkang mboten sekedhik. Sampun kecalan wekdal lan sangu kathah nanging mboten saged dumugi ing papan panggenan ingkang dipun pikajengaken.
Lumantar Kitab Wulang Bebasan ingkang dados waosan kita ing dinten punika, Gusti Allah ugi paring pepenget dhateng umat kagunganipun supados midhangetaken pangandika lan nglampahi karsanipun Gusti kanthi saestu. Nanging para umat punika pranyata mboten ngrewes lan nyepelekaken sedaya ingkang dados pitedahipun Gusti. Wusana para tiyang punika sami nedha wohing pandamel saha wareg dening rancanganipun piyambak, inggih punika: kadhatengan pagiris kados prahara, katempah ing bilai kados lesus, kataman ing karupekan lan kasisahan. Kamangka saumpami sami purun nggega pepengetipun Gusti, punika mesthi badhe sami tampi kawilujengan lan kalis saking sakathahing bilai ingkang nggegirisi (Ay. 33).
Kita para umat kagunganipun Gusti sampun ngantos gampil “kemeruh” lan “keminter” remen nampik pitedah lan panuntunipun Gusti. Swawi sami ngrumaosi bilih sayektosipun kita punika saderma titah ingkang cupet ing pangertosan, kadosdene sopir ingkang mboten sumerep pundi margi ingkang leres, ingkang kedah dipun langkungi. Kanthi makaten kita lajeng rumaos mbetahaken pitedah lan panuntunipun Gusti. Lumebet ing warsa enggal punika, sumangga kanthi rila lan legawaning manah kita sansaya mbangun miturut dhateng sedaya dhawuh pangandika saha karsanipun Gusti supados kalis ing sambikala, tinebihaken saking sawarnining rubeda, temah tansah manggih kawilujengan wonten ing sauruting gesang. Amin. [esje].
“Tiyang bodho ingkang nampik pitedah punika sami kaliyan tiyang wuta ingkang mboten purun katuntun.”