Gusti Allah ingkang Mulihaken Pancaran Air Hidup 3 Januari 2022

3 January 2022

Waosan: Ayub 42: 10 17 | Pamuji: KPJ. 117
Nats:
Pangeran Yehuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarane, sawise ndongakake mitrane mau sarta diparingi tikele kang wus dadi duweke ing maune.” (Ayat 10).

Kita tamtu nate ngalami prekawis ingkang ewet, ingkang ndadosaken kita rumaos kecalan sedaya ingkang kita gadahi. Ing kahanan punika, kita rumaos bilih lampah gesang kita rekaos sanget. Kita rumaos ringkih ing bab punapa kemawon. Ing kahanan ingkang mekaten punika, kita kedahipun boten sumelang lan nglokro, awit gesang peparingipun Gusti punika kedah tetep kita lajengaken, sanadyan kathah momotan gesang ingkang kita sanggi. Kita kedah tetep kagungan pangajeng-ajeng lan iman kapitadosan ingkang kiyat dhumateng Gusti Allah. Karana Gusti Allah sampun maringi kasagedan kangge kita. Kita saged tetep kiyat ngadepi sedaya prekawis punika, kados dene ingkang dipun alami dening Rama Ayub.

Rama Ayub ngraosaken sisah amargi piyambakipun kecalan bandha donya, kecalan anak-anakipun, lan nandhang sakit. Ing kahanan punika, Rama Ayub sansaya ngetingalaken iman kapitadosanipun dhumateng Gusti Allah. Rama Ayub namung manut wonten karsanipun Gusti Allah kemawon. Piyambakipun mboten protes dhumateng Gusti Allah, awit piyambakipun pitados Gusti Allah tansah mberkahi ingkang sae salebeting gesangipun, ing wiwitan ngantos ing salaminipun. Mirsani kawontenan Rama Ayub ing setya punika, Gusti Allah mulihaken lan mberkahi Rama Ayub nglangkungi punapa ingkang dipun gadahi ing wekdal sakderengipun. Saestu kabingahan ingkang ageng dipun raosaken Rama Ayub nalika ngalami pamulihan saking Gusti Allah. Sedaya punika nedahaken bilih masrahaken gesang wonten Astanipun Gusti Allah punika, ndadosaken kita saged ngrampungaken prekawis awrat ingkang kita alami. Kita ugi kaparingan berkah, kawilujengan, lan sedaya ingkang sae saking Gusti Allah.

Saben tiyang tamtu nate ngalami kagagalan, nyanggi momotan ingkang awrat salebeting gesangipun, lan mboten saged rampungaken piyambakan. Mangga kita sami sadar bilih kawontenan kita sacara kamanungsan punika kawates lan ringkih. Kita mboten saged ngrampungaken punapa ingkang awrat ing donya punika piyambakan. Karana punika mangga kita sami dedonga, nyuwun kakiyatan lan pitulungan saking Gusti Allah. Gusti Allah tansah makarya lan saged mulihaken sedaya ingkang wonten ing gesang kita. Sumangga kita tetep setya dhumateng Gusti lan ngandelaken Gusti ing sedaya kawontenan gesang kita. Kita pitados, Gusti Allah tansah nunggil, ngiyatakan lan maringi berkah ing sedayanipun. Amin. [GRA].

 Tiyang ingkang setya ing Gusti, tamtu gesangipun tansah pinaringan berkah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak