Waosan: Yakobus 5 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 346
Nats: “Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.” (Ayat 2)
Tiyang Kristen tamtu mangertos prekawis abdining Gusti lan abdining raja brana. Bilih tiyang punika dipun wastani abdining Gusti tamtu sadaya ingkang dipun tindakaken kagem kaluhuran asmanipun Gusti. Nanging bilih tiyang punika dipun wastani abdining raja brana, tiyang punika badhe ngupadi pados cara supados saged ngempalaken raja brana ingkang katah. Sae punika mawi cara ingkang leres ugi cara ingkang awon, sadaya cara dipun damel supados saged ngempalaken raja brana. Sanyatanipun tiyang ingkang dados abdining raja brana asring damel cara ingkang awon supados angsal bathi ingkang katah.
Kados dene ingkang sampun dipun tindakaken dening tiyang sugih saking kalih welas suku Israel. Tiyang sugih punika asring damel cara ingkang lepat kangge nggayuh raja brana. Tiyang-tiyang sugih punika mboten maringi punapa ingkang dados hakipun para tiyang ingkang sami medamel. Tiyang sugih bilih wonten ing wanci samangke sami kados koruptor, ingkang ngagem artanipun rakyat kagem kabetahan dhirinipun piyambak. Prekawis punika ingkang ndadosaken Yakobus duka dhateng para tiyang sugih punika. Awit raja brana ingkang dipun gadhahi punika dipun gayuh kanthi cara ingkang awon. Para tiyang sugih punika kesupen bilih sejatosipun raja brana punika kedahipun dipun damel kagem sarana ngluhuraken asmanipun Gusti, mboten namung kangge nyekapi punapa ingkang dados nepsunipun piyambak.
Manungsa asring dados abdining raja brana wonten ing gesangipun. Pramila kita kedah niti priksa wonten ing manah kita, punapa kita sampun dados abdining Gusti punapa taksih dados abdining raja brana? Sampun ngantos kita dados abdining raja brana awit karisakan badhe kita tampi ing gesang punika. Nanging mangga kita sami dados abdining Gusti, kita ngupadi ing gesang padintenan srana tumindak becik, sarta ngagem sadaya ingkang kita gadahi kagem ngluhuraken asmanipun Gusti. Kanthi mekaten kita saged dipun wastani abdining Gusti. Amin. [roge].
“Abdining Gusti selawase.”