Waosan : Yeremia 29 : 1 – 14 | Pamuji : KPJ. 357 : 1, 2
Nats: “Padha ngudia marang karaharjaning kutha,… amarga tata tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe.” (Ay. 7)
Wonten paribasan, “Di mana bumi dipijak, di situ langit dijunjung” tegesipun ing pigesangan padintenan kedah ngurmati lan boten nerak paugeran ingkang katetepaken. Paribasan punika memper kaliyan prinsip ingkang dipun gadhahi dening para pandhita nalika kapapanaken ing satengahing pasamuwan, inggih punika nganggep bilih pasamuwan punika minangka griyanipun lan nyatunggil kaliyan para warga ing ngriku. Liripun, manawi kita manggen ing satunggaling papan, sampun ngantos rumaos kadosdene tiyang asing utawi tamu. Awit panganggep ingkang kados makaten badhe nuwuhaken prakawis ingkang boten sae. Sasisih boten nyekecakaken tiyang sanes, sasisih malih murugaken manah kita boten jenjem. Dene manawi kita saged mapanaken sarira, prasasat sato ingon-ingon badhe enggal pomah.
Tumrap bangsa Israel ingkang kabucal ing nagari Babil, Nabi Yeremia paring pitedah supados sami ngudi karaharjaning kitha ingkang dipun panggeni. Sanadyan kitha punika sanes nagarinipun piyambak nanging sampun ngantos nggadhahi raos dados tiyang asing ing nagari manca. Kanthi makaten badhe saged dipun tampi dening sadaya tiyang ingkang manggen wonten ing ngriku. Kajawi saking punika inggih lajeng saged gesang kanthi jenjem, boten rumaos tertekan dening kawontenan ingkang dipun alami. Awit yektosipun, sadaya pandamel sae utawi awon ingkang dipun lampahi dening saben tiyang punika badhe mbalik wangsul tumanduk dhateng dirinipun. Karaharjaning kitha dados karaharjan kita, karaharjan kita nuwuhaken karaharjaning kitha.
Piwucal punika dados pepenget tumrap kita supados saged mapanaken sarira wonten ing sadhengah panggenan. Kita tansah empan papan ing satengahing masyarakat temah rukun kaliyan tanggi tepalih. Kita saged empan papan wonten ing papan panyambut damel temah sesambetan kita kaliyan rencang damel boten wonten sesinggetan. Kita saged guyub rukun wonten ing satengahing pasamuwan temah kawontenaning brayat Kristen nengsemaken. Sadaya punika kita lampahi boten karana kepingin pados sakecaning piyambak nanging ingkang langkung wigatos inggih punika sageda atur sumbangsih ing sadhengah panggenan ing pundi Gusti mapanaken kita. (esje)
“Empan papan ing sadhengah panggenan.”