Waosan : Rut 1 : 1 – 18 | Pamuji : KPJ. 158
Nats: “Awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken” (Ay. 16)
Wonten salah satunggal note ingkang menarik, ingkang nyebataken kados mekaten “HIDUP INI TIDAK ADA YANG ABADI. SETIAP MASALAH PASTI PUNYA SOLUSI, SETIAP COBAAN BISA DILEWATI DAN SETIAP KECEMASAN BISA DIATASI”. Saking note kalawau ngetingalaken kados pundi pangakenipun manungsa bilih estunipun sadaya samukawis prekawis punika saged dipunlampahi menawi kita anggadhahi pangajeng-ajeng lan keyakinan.
Waosan dinten menika, kita sinau saking kitab Rut 1:1-18. Wonten ing madyaning gesang, kasukarenan lan kasedihan, kabegjan lan kacilakan, karaharjan lan kasangsaran tansah gilir gumantos. Menawi kalanipun nampi kasukarenan, kados-kados wekdal lumampah kanthi cepet, rikat anggenipun gumantos. Ananging wekdal ngraosaken kasedhihan karaos dangu sanget anggenipun lumampah. Pengalaman ingkang kados mekaten nate karaosaken dening Naomi. Inggih pengalaman ingkang estu mrihatosaken sanget. Wekdal ing Israel wonten pailan, Naomi sakbrayat kesah neneka wonten ing tanah Moab. Ning menapa ingkang kalampahan, garwanipun inggih menika Elimelekh tilar donya (ayat 3), mila Naomi dados randa. Angen-angenipun nggayuh gesang ingkang mbingahaken, mboten kasembadan malah katilar garwanipun. Nembe kemawon dados randa, kalajengaken malih, katilar dening putranipun kekalih, Makhlon lan Kilyon (ayat 5). Mboten kantenan sedihipun, katilar dening garwa, lan putranipun kalih.
Naomi angraosaken sedih, ananging mboten kecalan pangajeng-ajeng. Naomi purun gumregah malih nglajengaken mbangun gesang ing mangsa ngajeng. Sinarengan dening mantu kinasih, Rut, ingkang setya lan tansah welas asih, dalam bahasa Ibrani hesed ingkang anggdhahi teges tresna ingkang setya ndherek dhateng pundi kemawon Naomi tindak. Kados pundi kaliyan gesang kita? Sinaosa nemahi mawarni-warni pacoben ing salebeting gesang, lumantar pengalaman, kita saged mundhut hikmahipun. Kanthi kasetyan saged ndhatengaken sukabingah kangge tatag ngadhepi gesang. Lumantar kasetyan estunipun ugi ndhatengaken pangajeng-ajeng wonten ing gesang ingkang tansah mboten saged dipunprediksi punika. Kados pundi kaliyan kita? Sumangga sami sinau kados dene Naomi lan Ruth. Gusti tansah nganthi. Amin. (ANS).
“Lamun tinempuh ing prahara, pangayoman Gustiku tansah nyata”