Waosan: Maleakhi 3 : 13 – 18 | Pamuji: KPJ. 242 : 1, 2
Nats:“Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo ora ngabekti marang Gusti Allah. ” (Ayat 18)
Nganti-anti dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih punika saestu mboten gampil. Kita tamtu aben-ajeng klayan sawarnining panggoda tuwin reribed sadaya, kalawan anggadahi kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Keparenga kita sami nuladha punapa ingkang dipun tindakaken dening tetiyang ingkang nyambut damelipun saben dinten dados “loper koran”. Wonten saperangan tuladha saking loper koran ingkang saged kita lampahi ing gesang kita, antawasipun inggih punika: Mboten pilih kasih. Ingkang dados pelanggan mboten namung tiyang ingkang griyanipun pinggir margi ageng lan perumahan, ugi wonten panggenan ingkang nylempit, pinggir lepen, nanging koranipun kedah dipun tampi dening para pelangganipun.
Salajengipun, sinaosa piyambakipun mboten kaanggap penting, karana pelanggan mbetahaken koranipun, nanging piyambakipun mboten nate tersinggung utawi mutung krana rumaos mboten dipun ajeni, punapa malih nesu. Kosok wangsulipun si loper koran punika tetep sadean koran. Tuladha andhap asor saged kita pundhut saking loper koran punika, ugi tabah, lan sabar.
Tukang loper koran punika ugi mboten nggadahi pamrih lan angen-angen ingkang aneh-aneh nampi kauntungan/ bathi cocok klayan jatah koran. Menawi kepingin pikanthuk arta langkung kathah mesthi usaha/ ngupadi pelanggan enggal. Mboten gampil iri tumrap tukang loper koran sanesipun ingkang sampun gadah pelanggan kathah. Menawi kepingin cepet, tukang loper koran mesthi madosi margi ingkang cepet, utawi mancal othel sepedhaipun langkung rikat. Tukang loper koran punika kedah sugih akal (Ind. = cerdik).
Anggenipun kita nyawisaken rawuhipun Gusti punika, bilih saged mangga kita pundut saking tukang loper koran punika. Tataning gesang ingkang kados makaten punika minangka salah satunggaling kababaring pangibadah kita ing gesang padintenan. Rahayu tumrap kita sami ingkang tansah eling las waspada. Amin. [japri].
“Gusti Yesus, mugi kawula tansah kaparingan manah ingkang padhang.”