Waosan: Yesaya 43 : 1 – 7 | Pamuji: KPJ. 189
Nats: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun.” (Ayat 1b)
Nalika Gusti Allah maringi kita putra, tamtunipun kita rumaos bingah, punapa malih bilih putra punika sampun dangu dipun rantos lairipun. Minangka tiyang sepuh ingkang wicaksana tamtu kita badhe gulawentah putra kita punika kanthi temen lan kebak ing katresnan. Kita tamtu badhe ngupaya bab-bab ingkang sae kangge tuwuh lan gesangipun. Nanging kados pundi bilih putra punika nguciwani manah kita tiyang sepuhipun? Mbok menawi kita badhe nelangsa lan sedih awit saking tumindak gesangipun punika. Senadyan mekaten, raos tresna lan kawigatosan kita dhateng putra kita mboten badhe sirna. Kita tetap nresnani putra kita punika.
Hubungan antawisipun Gusti Allah kaliyan bangsa Israel punika dipun umpamikaken kados tiyang sepuh kaliyan putranipun. Gusti Allah nresnani kanthi temen dhateng bangsa Israel awit bangsa Israel punika bangsa ingkang pinilih, umat kagunganipun Gusti. Nanging kados dene gambaran putra ingkang nguciwani tiyang sepuhipun ing inggil, mekaten polah tingkahipun bangsa Israel wonten ngarsanipun Gusti Allah. Bangsa Israel asring tumindak dosa lan mboten setya dhumateng Gusti. Karana punika Gusti Allah paring paukuman dhateng bangsa Israel. Bangsa Israel kawon kaliyan bangsa Babel lajeng dipun bucal dhateng tanah Babel. Sanadyan mekaten sih katresnanipun Gusti Allah dhateng umat-Ipun mboten sirna. Gusti Allah ngutus Yesaya kagem martosaken pawartos sih rahmat lan kawilujengan. Gusti Allah kersa ngapunten sakathahing dosa lan mulihaken bangsa Israel. Bangsa Israel badhe kasebat umat kagunganipun Gusti, umat ingkang aji ing paningaling Gusti (Ay. 4).
Sejatosipun mboten namung bangsa Israel kemawon ingkang dipun sebat umat kagunganipun Gusti, kita ugi umat kagunganipun Gusti, umat ingkang aji ing ngarsanipun Gusti. Ing mangsa Pra Paskah punika, mangga kita nggadhahi tekat dados umat kagunganipun Gusti ingkang setya bekti. Sampun ngantos kita nguciwani Gusti Allah ingkang sampun nebus dosa kita. Wekdal Pra Paskah punika dados wekdal ingkang wigati kangge kita introspeksi dhiri kita, ningali malih sadaya lampahing gesang kita minangka umat kagunganipun Gusti. Sampun ngantos kita tumindak dosa lan nguciwani Gusti, nanging mangga tansah setya bekti awit kita punika umat kagunganipun Gusti. Amin. [AR].
“Namung setya bekti dhumateng Gusti ingkang dadosaken renaning Gusti dhateng kita.”