Waosan: 1 Para Raja 3 : 16 – 28 | Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Bayi kang urip iku sira wenehna marang wong wadon kae, aja pisan-pisan sira pateni. Wong wadon kae biyunge.” (Ayat 27)
Waosan kita dinten punika nyariosaken Prabu Suleman nalika ngadhepi kalih wanita tuna susila ingkang ngupadi kaadilan manut putusanipun. Kasunyatanipun, Prabu Suleman pancen kapenuhan ing kawicaksanan, temah saged pirsa kanthi setiti punjeripun prakara ingkang dipun aturaken kalih wanita kalawau. Sang Prabu langkung nengenaken among rasa nalika paring putusan, pitados bilih sok sintena ing antawisipun kalih wanita punika minangka ibunipun si jabang bayi, tamtu mboten rila menawi anakipun dipun sedani. Adhedhasar kawicaksananipun, Sang Prabu mangertos manah asihipun ibu dhateng anak ingkang dipun tresnani. Wusana, tetela sinten ingkang saestu ibunipun lan sinten ingkang ngaturaken pangaken goroh minangka ibu.
Lumantar paseksi punika, kita saged nyumurupi caranipun Prabu Suleman anggenipun paring putusan ing satengahing prakawis ingkang saweg dipun adhepi. Sang Prabu mboten nengenaken bab sinten ingkang kedahipun menang lan sinten ingkang kedahipun kalah. Ananging Sang Prabu mawas bab kalajenganipun gesang si jabang bayi. Dene bab wanita ingkang kapirsan paring paseksi goroh badhe dipun ukum punapa mboten, punika prekawis sanes. Ingkang langkung utami, si jabang bayi kedah tuwuh gesangipun wonten ing pangayoman saha katresnan ibunipun.
Putusanipun Prabu Suleman punika dados paseksi nyata bilih ing satengahing punapa kemawon prekawis ingkang saweg kita alami, sinten utawi punapa ingkang kedah dipun wilujengaken punika dados bab ingkang utami, sanes bab sinten ingkang menang utawi kalah. Langkung malih anggen kita sami lampah ing satengahing gesang bebrayatan, tamtu kathah prekawis ingkang sami kita adhepi. Sumangga ing maneka warni prekawis punika mboten ndadosaken kita sami ”menjahi” sinten ingkang kedahipun kalah lan sinten ingkang kedahipun menang. Ananging sumangga kita tansah ngeneraken manah kita dhateng paningal saha pamawas bab punapa utawi sinten ingkang kedahipun kawilujengaken saha kauwalaken saking bebaya. Mangga kita ngandelaken kawicaksanan saking Gusti ingkang nuntun kita dhateng kawilujengan. Amin. [aan].
“Kalawan hikmat, kita saged ningali kawilujengan: sinten lan punapa ingkang kedah kawilujengaken.”