Dayaning Katresnan Pancaran Air Hidup 3 April 2021

3 April 2021

Waosan: 1 Petrus 4 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 345 : 1, 4
Nats:
“Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.” (Ayat 8)

Wonten lare jaler alit kerempeng ingkang saben dinten nggendhong rayinipun bidhal lan wangsul sekolah, tebihipun watawis setunggal kilometer. Kangmasipun SMP dene rayinipun taksih SD. Kaleresan sekolahanipun sa-jurusan dados saged mesisan lampah. Rayinipun kedah kagendhong amargi boten saged mlampah piyambak, lumpuh wiwit alit. Satunggaling wekdal wonten tiyang ingkang ngandika, “Wah mesakake uripmu, momotanmu mesthi abot banget”. Lare menika atur wangsulan, “Menika sanes momotan, menika sadherek (rayi) kula.” Pranyata, satunggaling prakawis saged dipun anggep minangka momotan dening tiyang sanes nanging boten dening tiyang sanesipun. Gumantung kadospundi anggenipun ngraosaken. Manawi anggenipun nglampahi adhedhasar katresnan, mesthi boten karaosaken minangka momotan. Dene manawi boten, saged ndhatengaken panggrudhel lan pangresula.

Dayaning katresnan saestu ageng sanget, “Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.” Katresnan nutupi dosa menika boten sami kaliyan nutup-nutupi dosa. Nutupi dosa tegesipun ngaling-alingi tiyang supados boten dhawah ing tumindak dosa. Kados ilustrasi ing nginggil, saumpami kangmas menika boten nggadhahi raos tresna, mesthi boten purun mitulungi rayinipun satemah ndhatengaken dosa tumrap piyambakipun. Katresnanan saged nuntun tiyang supados tansah tumindak sae, tinebihaken saking dosa. Pramila katresnan prelu kawujudaken wonten ing satengahing gesang pasedherekan. Sadherek satunggal lan sanesipun sami mempenga anggenipun tresna-tinresnan satemah katingal guyub-rukun.

Wonten ing pundi lan dhateng sinten katresnan menika kedah kita wujudaken? Wonten ing pundi-pundi, ing sadhengah papan lan panggenan dhateng sadaya tiyang. Nanging ingkang paling prelu wonten ing satengahing pasamuwan lan kulawarga kita piyambak-piyambak. Kados dhawuh ing Galati 6:10, “Awit saka iku, mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya”. Nandukaken katresnan dhateng sadherek tunggil pitados lan kulawarga kedah kita rumiyinaken. Boten ateges katresnan dhateng tiyang sanes boten penting. Nanging sajakipun mokal kita saged nandukaken sadaya menika dhateng tiyang sanes manawi dhateng sadherek ingkang langkung celak kemawon boten saged. (esje)

 “Ing pundi wonten katresnan, ing ngriku wonten karukunan lan katentreman”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak