Curhat? Why Not? Renungan Harian 3 April 2020

3 April 2020

Waosan : Ayub 13 : 13 – 19     |     Pamuji : KPJ. 53
Nats
: “Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.“ (Ay. 15)

Sita paling seneng yen lagi ketemu Sarmin lan Ika. Senajan Sarmin lan Ika luwih tuwa saka Sita, nanging bocah telu kuwi wis kekancan wiwit cilik nganti saiki wis duwe brayat dhewe-dhewe. Yen wayah natalan, Sita, Sarmin lan Ika janjian pulang kampung supaya bisa menyang greja bareng banjur bubar greja curhat, crita opo wae sing wis dialami. Wiwit bab-bab sepele lan lucu, nganti crita masalahe dewe-dewe. Sanajan nalika curhat ora ana jawaban utawa solusi kanggo masalahe, nanging bisa nyritakake kanthi jujur lan dirungokake kanthi tumemen tanpa dianggap sepele, iku wis bisa nggawe ati bingah lan tuwuh semangat anyar.

Dipunmirengaken lan dipungatosaken sejatosipun dados kabetahanipun manungsa. Mboten namung kangge tiyang dewasa kados Sita, Sarmin lan Ika kemawon nanging ugi kangge para lare alit. Sedaya tiyang butuh dipungatosaken. Punapa malih dipungatosaken dening Gusti Allah.

Supados dipungatosaken tamtu wonten usaha ingkang dipuntindakaken. Mboten namung wicanten kemawon ananging ugi kedah pitados lajeng nyawisaken manah kanthi jujur ngaturaken kahananipun punapa wontenipun. Senadyan ta sampun matur ing ngarsanipun Allah, nanging punika mboten ateges mesthi dipungatosaken Gusti Allah. Bab punika kedah kita tampi kanthi lila. Kita kedah samapta bilih nalika kita matur ing ngarsanipun Allah, Gusti Allah lajeng tumindak, kados Gusti tumindak dhumateng Ayub. Manah ingkang samapta saking Ayub kagambaraken kanthi nats ingkang sampun kaserat ing inggil. Ingkang wigatos tumrap Ayub sampun “mbela panggawe”. Matur punapa wontenipun ing ngarsanipun Allah.

Kita ugi saged mekaten, mboten namung curhat marang kanca raket ananging prayoginipun curhat, ngaturaken uneg-uneg kanthi pracaya lan jujur dhumateng Gusti Allah. Kados dhumateng kanca, saged tuwuh semangat anyar, punapa malih dhumateng Gusti Allah tansah wonten pikajengan enggal saha kakiyatan kangge gesang kita. (fani).

“Gusti Allah punika mitra ingkang sejati, midhangetaken pasambat lan kabingahan kula”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak