Kuwaosipun Gusti Allah Nyata Pancaran Air Hidup 29 Oktober 2024

29 October 2024

Waosan: Lelakone Para Rasul 9 : 32 – 35  |  Pamuji: KPJ. 79
Nats: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” (Ayat 34)

Manungsa punika dipun wastani makhluk ingkang sampurna, awit manungsa punika kaparingan akal lan budi. Lumantar akal lan budinipun punika manungsa saged mangertos punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Mekaten ugi kita pitados bilih samukawis prekawis ingkang kedadosan ing gesang punika kagungan makna, ingkang saged kita pethik kagem mangertosi karsanipun Gusti. Akal lan budi punika ingkang ndadosaken kita manungsa ingkang saged ningali lan nggalih sawerning prekawis ingkang kelampahan. Sacara maligi, kita badhe ningali punapa ingkang dados paseksenipun kitab suci ing waosan dinten punika, kados pundi kuwaosipun Gusti Allah punika nyata, lestantun, lan mboten nate kadaluwarsa ing sadhengah gesangipun manungsa.

Waosan dinten punika nyariosaken bab lampahing peladosan ingkang dipun ayahi dening Rasul Petrus ing kutha Lida. Ing ngriki kacariyosaken bilih Gusti Allah tansah tumindak nyata ing sadhengah gesanging manungsa. Gusti Allah kersa nedahaken panguwaosipun ingkang lumantar Rasul Petrus, inggih punika nyarasaken tiyang lumpuh ingkang sampun wolung taun laminipun. Kita saged ngraosaken kados pundi rekaosipun tiyang lumpuh punika nglampahi gesangipun. Nalika Rasul Petrus pinanggih tiyang lumpuh punika, piyambakipun ngandika “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe, tangia lan paturonmu tatanen!” Selajengipun Eneas saged pulih lan mlampah. Dhawuh punika tamtu sanes saking Rasul Petrus piyambak, ananging saking Gusti Yesus. Kangge tiyang kathah ingkang ningali prastawa punika, dados jalaran tiyang kathah punika ngenggalaken manah lan gesangipun, pamratobat lan pitados dhumateng Gusti Yesus.

Kadangkala, momotan ingkang kita raosaken ing gesang punika gegayutan kaliyan punapa ingkang kita galih piyambak, kanthi pemanggih ingkang mawarni- warni. Pramila menawi sadaya punika kita tindakaken namung adhedhasar kakiyatan lan akal budi kita piyambak, kadosipun kita mboten badhe saged ngayahi. Mila kita kedah ngandelaken Gusti Allah lan nyuwun kakiyatan dhumateng Gusti. Gusti Allah saged ngowahi kawontenan ingkang mboten sae dados kawontenan ingkang kebak pangajeng-ajeng. Mangga ing sauruting lampah gesang kita, kita pasrahaken sadayanipun dhumateng astaniPun Gusti ingkang kebak piwelas. Lumantar prastawa punapa kemawon ingkang kedadosan ing gesang kita, saged ta dados panuntun kangge kita langkung tresna dhumateng Gusti. Amin. [cito].

“Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak