Kawicaksanan Tanpa Wates Pancaran Air Hidup 29 Oktober 2021

29 October 2021

Waosan: Kaimaman 19 : 32 – 37 | Pamuji: KPJ. 136
Nats:
“Kaya mangkono anggonira kudu padha gondhelan marang sakehe pranataningSun lan katetepaningSun, sarta padha nindakna iku kabeh, …” (Ayat 37).

Kathah tiyang ingkang atur pikatenan kados mekaten, “Punapa tiyang Kristen punika angsal pacaran, ngrokok, maringi contekan nalika ujian, ngapusi kangge kasaenan, nyogok kangge lancaripun usaha?” Pitakenan punika kangge tiyang kathah saged dados prekawis ingkang mbingungaken karana wangsulan pitakenan kalawau boten dipun serat wonten kitab suci. Kitab suci boten paring wangsulan sacara langsung tumrap sedaya pitakenan punika. Ing ngriki dipun betahaken kawicaksanan supados kita saged mangsuli pitakenan punika. Kawicaksanan ing kapitadosan saged dipun lampahi nalika manungsa ngagem wates, temahan tumindaking gesang mujudaken sabdaning Gusti. Wates punika: 1) Punapa tumindhak kita punika wonten ginanipun punapa mboten? 2) Punapa tumindak kita punika saged ndadosaken tuwuhing kapitadosan punapa mboten? 3) Punapa gesang kita saged dados lantaraning pangucap sokur? 4) Punapa salebeting gesang, kita saged dados sarana mbangun paseduluran? Lan ingkang pungkasan 5) Punapa gesang kita punika sampun dados sarana kamulyanipun Gusti?

Waosan kita saking Kaimaman 19:32 – 37 punika nyariosaken bab gesang suci. Gusti Allah dawuh dhumateng Nabi Musa supados bangsa Israel sami gesang suci, awit Gusti Allah punika suci. Salebeting gesangipun, bangsa Israel kedah ngajeni tiyang ingkang sepuh, gesang srana katresnan dhumateng sesami, tumindak adil, sarta netepi sedaya pranatan lan katetepaning Gusti Allah. Srana tumindak punika, gesangipun bangsa Israel tansah dipun kanthi lan dipun berkahi dening Gusti Allah.

Kita para umatipun Gusti dipun ajak gesang enggal, inggih punika gesang ing kasucen, nebihi tumindak dosa lan piawon, sarta netepi pranatan lan karsanipun Gusti Allah salebeting gesang kita. Kita kedah tumindak wicaksana, sedaya ingkang badhe kita tindakaken saestu kita galih kanthi temen-temen. Sarana wicaksana, kita saged jagi gesang kita saking pengaruh ingkang awon lan ngrisak gesang kita. Sumangga kita nyuwun wicaksana supados kita gesang suci, gesang kanthi mbangun turut timbalaning Gusti Allah. Amin. [ardien].

 “Urip kang suci punika sarana kamulyanipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak