Waosan : Yohanes 11 : 1 – 44 | Pamuji : KPJ. 267
Nats: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase.” (Ay. 25, 26)
Perkawis tiyang tilar donya punika asring dadosaken kita ngraosaken kasisahan lan kasedhihan ing salebeting gesang kita. Punapa malih tiyang ingkang tilar donya punika tiyang sepuh, sanak sederek kita piyambak. Kita rumaos kecalan, kapethatan ing katresnan lan boten saged pinanggihan malih kaliyan sederek punika. Ananging sarana iman dateng Gusti Yesus, kita gadhahi pengajeng-ajeng, bilih wonten gesang sak sampunipun pejah. Senajan kita nandhang kasisahan kita tetep saged saos sukur dateng Gusti Allah, karana kita pitados bilih sederek ingkang tilar donya punika, pinaringan gesang ing patunggilanipun Gusti Yesus.
Ing waosan wekdal punika, nyariosaken Lazarus ingkang sampun seda sadangunipun sekawan dinten, kawunguaken Gusti Yesus. Nalika semanten perkawis sedanipun Lazarus dadosaken kasedihan dateng Maria lan Marta sederekipun. Maria lan Marta rumaos kecalan sederek ingkang dipun tresnani. Karana punika nalika Gusti Yesus rawuh, Marta munjuk,”Gusti manawi Paduka wonten ing ngriki, saderek kawula mesthi boten pejah…” (Ay. 21). Saking ngriku Gusti Yesus paring pangertosan bilih Gusti Yesus punika patangen lan kauripan, sinten kemawon ingkang pitados dateng Gusti Yesus badhe gesang sanajan sampun seda. Kangge nyataaken Pangandikanipun punika, Gusti Yesus nimbali lan wunguaken Lazarus ingkang sampun pejah. Lazarus medhal saking pakuburan lan gesang malih.
Gusti Yesus kuwaos wunguaken tiyang pejah lan maringi gesang, supados gesangipun tiyang menika tansah ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Ing salebeting gesang kita, Gusti Yesus ugi kuwaos kangge nulungi kita ingkang semplah, sisah, kecalan pengajeng-ajeng. Gusti Yesus kuwaos ngentasaken kita saking marabahaya. Ingkang dipun kersaaken Gusti Yesus dateng kita supados kita tansah pitados bilih Gusti Yesus kuwaos paring pitulungan. Bilih kita nginten Gusti Allah telat nulungi kita, pemanggih kita punika lepat, karana Gusti Yesus nedahaken pakaryanipun punika boten nate lepat. Kedahipun kita boten ragu-ragu dateng Gusti. Kita tetep sabar, tetep pitados, lan tetep setya bilih Gusti kuwaos mranata lan nulungi kita. (AR).
“Gusti Yesus iku Sumbering Panguripanku kang Sanyata”