Waosan: Yeremia 23 : 16 – 22 ǀ Pamuji: KPJ. 447 : 1, 2
Nats: “Ingsun ora ngutus para nabi iku, ewadene padha mempeng, Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku, ewadene padha memeca.” (Ayat 21).
Fenomena bencana alam sampun asring sanget kalampahan wonten ing negri kita punika. Sampun kathah tiyang ingkang dados korban bencana, kadosdene gempa bumi, tsunami, banjir bandang, lsp. Temtu sadaya korban bencana punika ngraosaken ajrih, bingung, sedih lan trauma sanget, amargi bencana punika sampun ngrenggut griya, yatra, punapa malih ngantos nyawa tiyang/ sederekipun ingkang kinasih. Ing kawontenan ingkang mekaten punika asring fenomena bencana kalawau dipun tambahi kaliyan berita hoax ingkang dipun sebar kaliyan tiyang ingkang mboten tanggeljawab lumantar media sosial (Grup WA, Facebook, lsp). Ingkang tujuannipun mboten sanes nggih kepingin angsal kauntungan pribadi, lumantar berita hoax ingkang ndadosaken korban sansaya ajrih lan bingung.
Kirang langkung, mekaten ugi kahanan ingkang wonten ing waosan kita ing dinten punika. Nabi Yeremia saweg mawanti-wanti sadaya umat Israel supados waspada tumrap berita hoax ingkang dipun sebar kaliyan nabi-nabi palsu. Awit ing rikala semanten, Nabi Yeremia saestu nglampahi tugasipun saking Gusti Allah mawartosaken nubuatan bilih paukumanipun Gusti badhe kalampahan, karana umat Israel punika tetep nglampahi dosa lan mbalela dhumateng Gusti. Nanging nabi-nabi palsu punika malah mboten pitados lan sami nyebar berita hoax, nyebar pangarep-arep ingkang kothong, nyebar wangsit saking akal-akalanipun piyambak (ay. 16). Punapa malih nabi-nabi palsu kalawau malah ngleresaken sadaya tiyang ingkang mbalela saking Gusti (ay. 17). Temtu tujuanipun nabi-nabi palsu nglampahi pakaryan ingkang kados mekaten punika, nggih mboten sanes namung badhe pados kauntungan pribadi (Yer. 6:13-14).
Sumangga kita sami sadar bilih nabi-nabi palsu punika taksih wonten ing jaman sakmangke. Gusti Allah sampun miranteni kita sadaya kaliyan Sabdanipun, ingkang saged kita panggihi wonten ing Kitab Suci. Tujuanipun supados kita saged gesang suci lan dados seksinipun ingkang saestu paring paseksen ingkang leres bab Gusti punika. Namung lumantar Sabda lan pepadhang saking Gusti kemawon, kita saged mbentenaken pundi ingkang lepat lan pundi ingkang leres, pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon. Amin. [YAH]
“Payo sami waspada tumrap pawartos sesat ing salebeting gesang kita!”