Waosan: Rum 9 : 30 – 10 : 3 | Pamuji: KPJ. 326
Nats: “Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.” (10:3)
Wangkot punika asring gegayutan kaliyan sikep ingkang nggugu pikajenganipun piyambak. Sikep wangkot punika asring nerak pepakon ingkang baku. Amargi nalika nindakaken punika ingkang dados tujuan namung kangge karemenan dihrinipun piyambak. Contonipun tiyang ingkang nyrobot antrian, senadyan tumindak punika mboten sae ananging nalika dipun engetaken piantun punika asring ngrespon bilih ingkang dipun tindakaken punika mboten nuwuhaken masalah, dipun anggep biasa. Limrahipun tiyang nalika dipun engetaken saged nglenggono lan nyuwun pangapunten. Prekawis wangkot punika asring kita panggihi ing pigesangan kita saben dinten, mliginipun wonten gesang bebrayatan, relasi kaliyan semah, putra-putri, tiyang sepuh lan brayat ageng kita.
Serat Rasul Paulus dhateng pasamuwan Rum, nedahaken bab wangkot. Rasul Paulus maringi pirsa bilih umat Israel asring nggugu pikajenganipun piyambak (Ay. 31, 32). Tumindak punika nebih saking karsanipun Gusti, amargi namung ngarah wonten ing kabeneranipun piyambak. Sikep wangkot punika nutupi katresnanipun Gusti, nutupi manah ingkang tulus kagem Gusti, lan ngrumaosi dhiri punika langkung ageng katimbang Gusti Allah ingkang mranata gesang. Karana punika, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Rum supados mboten kedlarung gesang miturut pikajengan piyambak ananging tansaha rumaket kaliyan Gusti, gesang miturut karsa lan pakaryanipun Gusti.
Sadar punapa mboten, kita asring tumindak wangkot, kados dene bangsa Israel ingkang kacariosaken dening Rasul Paulus. Kita kados tiyang ingkang mboten purun ngalah, ing gesang bebrayatan, asring kita wangkot, gesang namung nggugu pikajengan kita piyambak. Bilih kita terus wangkot, crah lan bubrah punika ingkang kita undhuh. Mila saderengipun kita tumindak, langkung prayogi menawi kita saged ngontrol dhiri lan nglandesi gesang kita srana katresnan dhateng sesami. Kita mboten ngrumaosi dados tiyang ingkang paling wicaksana awit kita tiyang ingkang kebak karingkihan. Kita mbetahaken Gusti ingkang nuntun gesang kita. Mangga kita sami ningali dhiri, punapa kita sampun ngendaleni sikep wangkot kita? Mugi Gusti paring kasagedan kangge kita ngowahi wangkoting manah kita. Amin. [GF].
“Saged ngrumaosi kirang langkung prayogi, tinimbang ngrumaosi saged.”