Waosan: Jabur 119 : 129 – 136 | Pamuji: KPJ. 316
Nats: “Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka, sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka.” (Ayat 135)
Brayat, greja, lan sekolah punika saged dipun wastani papan kangge memulang para anak kita. Dipun wiwiti saking brayat, lumantar tuladha tiyang sepuh, anak-anak sinau piwulangipun tiyang sepuh. Salebeting brayat, tiyang sepuh nggulawentah anak-anakipun supados anak-anak punika mengertos ayahan lan tata krama ing brayat. Ing greja, anak-anak dipun wulang bab iman Kristen. Pandita, majelis pasamuwan ugi para pamong sami nggulawenthah anak-anak bab Kitab Suci, pandonga Kristen, pamuji Kristen, Pranatan Greja, lsp. Sadaya punika dipun tindakaken supados imanipun anak-anak punika tuwuh ngrembaka lan ing tembe diwasa saged setya dados pandherekipun Gusti Yesus. Lajeng ing sekolah, wiwit playpgrup ngantos perguruan tinggi, anak-anak punika dipun wulang dening para guru lan dosen bab ilmu, pangertosan, budi pakerti, katrampilan, lsp. Tujuanipun supados anak-anak punika pikantuk lan mangertos mawerni-werni ilmu ingkang migunani kangge gesangipun.
Jabur 119 punika dipun sebat Jabur pamuji kagem Gusti, awit isinipun nyebataken pamuji sokur dhumateng Gusti Allah ingkang tansah ngrimati lan nresnani umat-Ipun. Jabur 119 punika kalebet Jabur ingkang dhawa, isinipun 174 ayat. Mliginipun ing waosan kita ayat 129 – 136, Juru Mazmur nyariosaken paseksinipun bilih pepenget-pepengetipun Gusti Allah punika elok. Gusti Allah karsa paring pangertosan dhateng para tiyang ingkang bodho. Panjenenganipun pirsa kawontenan umat-Ipun, sarta karsa paring piwelas. Gusti Allah punika tansah netepi janji-Nipun lan nguwalaken umat-Ipun saking panganiaya tiyang sanes. Panjenenganipun ugi karsa memuwalang umat-Ipun bab pranatan-pranatan-Ipun.
Bilih kita raosaken salebeting gesang kita sadinten-dinten, kita saged ngraosaken piwulangipun Gusti Allah punika. Gusti Allah saged ngagem tiyang sepuh, para majelis pasamuwan, para guru kangge nggulawenthah lan mulang kita. Saking piwulang punika, kita sami mangertos timbalan kita minangka tiyang Kristen, kita mangertos pranatan-pranatan ing brayat, greja, lan sekolah, ingkang migunani kangge nata lampah gesang kita. Pramila lumantar piwulangipun Gusti ingkang kita tampi ing gesang punika, sumangga kita estokaken, kita raos-raosaken saha kita tindakaken supados gesang kita tansah wilujeng lan binerkahan. Amin. [AR].
“Brayat Kristen punika brayat ingkang ngestokaken lan nindakaken piwulangipun Gusti.”