Waosan : 2 Samuel 11:1–15 | Pamuji : KPJ.202, 203, 204
Nats: “Sawusé iku Sang Prabu utusan nimbali. Wong wadon iku marak marang ngarsané Sang Prabu, banjur disarèni…” (ay. 4)
Menawi sesambetan kaliyan pilihan, boten sekedhik tiyang ingkang sampun judheg utawi katog, gadhog ngadhepi satunggal prekawis, dipun paringi pitedah supados mirengaken swantening manah utawi atinipun. Biasanipun wonten tiyang ingkang ngandika : “Lha piye ta atimu.. sajake manteb sing ngendi ?” Lha menawi sesambetan kaliyan nemtokaken sikap, biasanipun wonten ingkang ngandika mekaten : “Ati-ati, diantebne tenan atine, nek wis sreg njur ndang dilakoni..” Sedaya prekawis asring pungkasanipun dipun wangsulaken dhateng ati utawi manah kita piyambak. Kamangka, dereng tamtu panggraitaning manah utawi ati kita punika sedayanipun leres. Awit, saged ugi (lan mbok bilih asring) swantenipun manah utawi ati kita punika sulaya, boten condhong kaliyan karsanipun Gusti Allah.
Cariyos Prabu Dawud ugi nedahaken bab tiyang ingkang nuruti pikajengipun manah. Prabu Dawud ngupadi supados Uria saged sirna. Kanthi mekaten, panjenenganipun saged mundhut Batsyeba dados semahipun, amargi Batsyeba sampun ngandhut putranipun Prabu Dawud. Prekawis punika ndadosaken Prabu Dawud dhawah ing dosa. Gusti Allah boten karenan ing penggalih dhumateng tumindakipun Prabu Dawud menika. Kita sami mangertos kalajenganipun cariyos punika bilih lampah gesang brayatipun prabu Dawud salajengipun boten naté tentrem, malah ngantos dados crah. Sedaya inggih awit kawiwitan dosa nuruti pikajengipun manah.
Wonten ing sedaya lelampahan kita, sak mesthinipun tansah lelandhesan karsanipun Gusti Allah. Sanes lelandhesan pikajenging ati utawi swantenipun manah kita. Awit swantenipun manah – ati kita saged lepat, saged sulaya lan njlomprongaken gesang kita ugi brayat, tumuju dhateng kacilakan lan kasangsaraning gesang. Nanging menawi gesang kita tansah lelandhesan karsanipun Gusti Allah, tamtu Gusti Allah piyambak ingkang nenuntun gesang kita tumuju gesang ingkang kebak tentrem rahayu, kawilujengan lan binerkahan. [wn]
“Awit karsanipun Gusti Allah inggih tentrem rahayu tumrap umat-Ipun” (bdk. Yeremia 29:11)