Katresnan Lan Kaadilan Tumrap Alam Pancaran Air Hidup 29 Januari 2026

29 January 2026

Waosan: Pangandharing Toret 16 : 18 – 20  |  Pamuji: KPJ. 10
Nats: “Kaadilan, iya kaadilan iku kang kudu kokgondheli, supaya kowe lestaria urip sarta ndarbenana tanah bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.” (Ayat 20)

Bu Lastri punika ibu rumah tangga ingkang prasaja. Saben dinten piyambakipun nyapu latar, nyirami kembang, lan ngresiki selokan sacedhaking griyanipun. Sanadyan tugas punika prasaja, Bu Lastri nggadhahi keyakinan bilih resik lan rukun kaliyan alam punika kalebet bagian saking iman. Tetangginipun Bu Lastri punika asring gumun, kenging punapa Bu Lastri nglampahi prekawis punika sadaya piyambakan? Wangsulanipun Bu Lastri prasaja, “Bilih kula resik-resik alam, punika dados cara kangge kula ngajeni Sang Pangeran ingkang nitahaken alam saisinipun punika.”

Waosan kita ing dinten punika atur pitutur dhateng kita supados kita mbangun kaadilan. Kaadilan punika mboten namung kedadosan wonten ing pengadilan kemawon, nanging ugi  kadadosan ingkang wonten ing gesang kita sadinten-dinten. Gusti Allah dhawuh supados kita mboten mbenten-bentenaken sesami kita, mboten mihak, lan mboten nampi suap. Nanging kanyatanipun ing jaman sapunika, kaadilan punika asring dipun selewengaken. Alam punika asring dados korban, kados wit-witan ingkang dipun tebang sacara sembarangan, lemah ingkang dipun racuni, lan lepen ingkang kebak sampah. Ing kasunyatan punika, kita dipun timbali kangge nglestarekaken alam lingkungan ing antawis kita. Kita kedah tumindak adil tumrah sesami titahipun Gusti.

Sesarengan kita ngugemi kaadilan ingkang jembar, inggih punika kaadilan ekologis, ing pundi kita purun ngajeni lan ngreksa alam titahipun Gusti punika, kados Gusti Allah ngreksa kita titah-Ipun. Kados Bu Lastri, kita saged miwiti pangupaya kita nindakaken kaadilan ekologis saking bab ingkang alit, kados ta mboten mbucal sampah sacara sembarangan, ngrencangi resik-resik lingkungan, nyengkuyung tetanggi nandur wit, lsp. Tumindak kita punika, sanadyan alit saged nggambaraken katresnan lan tanggel jawab kita dhateng bumi lan Gusti Allah Sang Pangeran. Mangga kita ingkang sami kaparingan bumi minangka titipan saking Gusti, saged ta tumindak adil dhateng alam. Gusti paring berkah dhateng kita lan anak putu kita. Amin. [YNW].

“Ngajeni alam kanthi adil, ateges ngajeni Gusti Allah ingkang nitah bumi saisinipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak